Sesanti
Minggu, 23 Agustus 2015
TEMBANG KINANTHI
Tembang Kinanthi mengku pasemon bocah cilik kang isih kudu
digandheng, didhidhik utawa digulawenthah dening wong tuwane sakloron sarta
guru. Tuladha tembang Kinanthi sarta guru wilangan lan guru lagune :
Kinanthi Surya Candra
Surya, candra lawan daru, (8 u)
Myang kartika iku sami, (8 i)
Gung kaliwat padangira, (8 a)
Datan ana kang madani, (8 i)
Nanging isih kalah padang, (8 a)
Yen katandhing ninging ati. (8 i)
Kinanthi Serat Rama
1.
Nalikane rohing dalu,
Wong agung mangsah semedi,
Sirep kang bala wanara,
Sedaya wus sami guling,
Nadyan ari sudarsana,
Wus dangu nggenira duling.
2.
Kukusing dupa kumelun,
Ngeningken tyas sang apekik,
Kang kawengku sagung jajahan,
Nanging sanget angikibi,
Sang Resi Kanekaputra,
Kang anjok saking wiyati.
3.
Teka ndadak melu-melu,
Kaya budine wong ceplik,
Lali lamun kalokengrat,
Tri bawana amurwani,
Mustikaning jagad raya,
Dhemen lalen sangga runggi.
SALAH KAPRAH BASA JAWA
1.
Acara
--- Adicara
Tembung
“acara” biasane digunakake kanthi serampangan pinangka jarwan basa Indonesia “
acara”. Ana ing tradhisi Jawa, mligine ana ing mantenan utawa sesorah liyane, kaanggep kurang trep.
Tembung “adicara” dipigunakake ana ing
acara ritual kang sipate gumbira, bungah, seneng, ropyan-ropyan. Dene ana ing
acara kang sedhih, susash lan sakral luwih becik migunakake tembung “upacara”.
Tuladha
:
-
Adicara
salajengipun lain-lain.
Tembung “adicara” uwis bener,
nanging tembung “lain-lain”, luwih prayoga manawa kaganti tembung ”manasuka,
adiwarni, utawa mancawarni”
2.
Ambal
warsa --- tanggap warsa
“Ambal
warsa” saka tembung “ambal = bali”, lan “warsa = taun. “Ambal Warsa” ateges
“dibolan-baleni saben taun” yen basa Indonesia “Ulang taun”.
“tanggap
warsa” saka tembung “tanggap = ngadhepi” lan “warsa = taun”
“tanggap
warsa” = rame-rame mbeneri taun anyar yaiku saben tanggal 1 Sura. Mula kang
trep menawa kanggo negesi “ulang taun = ambal warsa” dudu tanggap warsa.
3.
Akhir-akhir
iki, kari-kari iki, akir-akir iki --- ing wektu-wektu pungkasan iki
“akhir-akhir
iki, akir-akir iki ” lan tembung “kari-kari iki “, mujudake jarwan saka basa
Indonesia “akhir-akhir ini”. Dene basa Jawa kang trep “ing wektu-wektu
pungkasan iki”
Tuladha
:
-
Akhir-akhir
iki akeh
sumur sing wis padha asat banyune (pengaruh basa Indonesia)
-
Ing
wektu-wektu pungkasan iki
akeh sumur sing wis asat banyune (luwih trep lan njawani)
4.
Antara
liya --- antarane
“antara
liya” mujudake jarwan saka basa Indonesia “antara lain”. Dene sing bener yaiku
“antarane”
Tuladha
:
-
Piranti
tukang iku, antara liya: graji, pukul cathut, lan pacul (luput)
-
Piranti
tukang iku, antarane: graji, pukul, cathut, lan pacul (bener)
5.
Bakalan
--- bakal
Tuladha :
-
Klambimu
kuwi ora bakalan garing yen ora panas. (luput)
-
Klambimu
kuwi ora bakal garing yen ora panas. (bener)
Dadi
tanpa panambang –an
6.
Bener
--- pener
“Bener”, maknane
“bener”= ora kliru, nduweni orientasi”aji (nilai) kang asipat normatif.
“pener” = cocok, pas,
trep karo karo swasanane.
-
Akeh
wong kang padha migunakake basa kanthi
bener, nanging ora pener
7.
Bisa
uga (bisa juga, juga bisa)
Tuladha :
-
Kajaba
bisa nyanyi, Siman bisa uga dadi pranatacara. (luput)
-
Kajaba
bisa nyanyi, Siman uga bisa dadi pranatacara. (bener)
8. Caos lebetan, caos input ---caos
pamrayogi
“caos
lebetan” lan “caos input” pengaruh basa Indonesia lan basa manca dadi durung
kalumrah ing basa Jawa. Malah tembung “caos lebetan” nduweni teges “mligi” lan
“lekoh” (seksual). Tuladha:
-
Nuwun
sewu, kula badhe caos lebetan ngengingi perkawis menika (luput)
-
Nuwun
sewu, kula badhe caos input ngengingi perkawis menika (luput)
-
Nuwun
sewu, kula badhe caos pamrayogi ngengingi perkawis menika (bener)
9. Cemawis --- cumawis
Tembung
iki satemene nduweni teges kang padha, nanging menawa kapirid saka paramasastra
tembung “cumawis” luwih trep amarga anane seselan”um”. Tembung “cemawis”
dipigunakake ing basa lisan utawa pacelathon.
Tuladha:
-
Sedaya
rakiting dhedhaharan sampun cumawis wonten ing panti boga.
10. Cocog, cocok
Tembung
loro iki asring gawe bingung ana ing tata tulis. Ing basa Jawa kang kalumrah
migunakake “cocog” (konsonan /g/ luwih manteb), manawa sing dikarepake “mathuk,
selaras”
Tuladha
:
-
Aku
rada cocog
karo panemune Pak Adi. (mathuk)
-
Dlamakanku
sikil kecocok eri. (ketusuk)
-
Sega
kuwi aja dipangan amarga wis dicocok kirik. (diambus, dipangan)
-
PR-e
apa wis dicocogake? (dikoreksi bener lupute)
Dadi sawise ditrapke ing ukara
katon bedane.
11. Dede, sanes
Tembung
“dede” (krama) = dudu (ngoko) = bukan
(basa Indonesia); nuduhake bedane jeneng wong, aran, lan liya-liyane
Tembung
“sanes”(krama) = liya (ngoko) = lain
(basa Indonesia); nuduhake beda-bedane pandarbe.
Tuladha
:
-
Menika
buku, dede potlot.
-
Menika
sanes
buku kula
12. Dereng berpengalaman --- taksih
cubluking kawruh, taksih bodho mbaliluning manah, taksih kopong ing pangawikan,
taksih tebih saking kasampurnan, tiyang cedhak watu adoh ratu, taksih sepi ing
pangawikan.
13. Didukung, didhukung ---
disengkuyung
“didukung” saka basa Indonesia,
yen ditulis cara basa Jawa “didhukung”. Sateme ing basa Jawa wis ana sing
tegese padha yaiku “disengkuyung”
Tuladha :
-
Program
pembangunan saka pemerintah bisa kaleksanan yen didhukung dening rakyate.
-
Program
pembangunan saka pemerintah bisa kaleksanan yen disengkuyung dening
rakyate.
14. Dipunbikak, dipunmilai ----
dipunawiti, dipunwiwiti
“dipunbikak,
dipunmilai” tembung iki jarwan saka basa Indonesia “dibuka, dimulai” dadi ora
bener manawa dipigunakake dening pambiwara. Semono uga tembung “dipunawiti”
kurang pener manawa kanggo miwiti adicara/upacara dening MC amarga tembung “dipunawiti”
mono satemene saka tembung “dipun + awit + i”. Tembung “awit” bisa ditegesi
“jalaran, amarga” Dene tembung kang trep
yaiku “dipunwiwiti” saka lingga “wiwit”
Tuladha
:
-
Sumangga
adicara ing siyang punika dipunbikak kanthi waosan basmallah.
(luput)
-
Sumangga
adicara wiwahan ing dalu punika tumuli dipunmilahi. (luput)
-
Sumangga
adicara wiwahan siang punika tumunten kita milai (luput)
-
Sumangga
adicara wiwahan ing dalu punika tumunten dipunwiwiti (bener, pener)
15. Dipunmulyakaken .... ingkang
satuhu minulya
Tembung
“dipunmulyakaken” antuk pangaribawa saka basaIndonesia “dimuliakan”. Iki ora
trep menawa dipigunakake ing basa Jawa, amarga tembung iki dipigunakake kanggo
wong sing wis jenat. Kaya dene kuburane dimulyakake kanthi dikijing utawa
dicungkup. Dene manawa kanggo wong sing isih sugeng/tamu nganggo tembung
“ingkang satuhu minulya”
Langganan:
Postingan (Atom)