Sesanti

Sesanti

Minggu, 23 Agustus 2015

DEWI RATIH



DEWI RATIH
Dewi Ratih utawa Bathari Kamaratih iku garwane Bathara Kamajaja, dewaning asmara. Dewi ratih putrane Bathara Soma. Pasuryane banget ayune. Mbranyak pasemone, gandhes luwes wiragane. Tindak-tanduke mranani, solah bawane amilangoni sarwa patut. Dewi Ratih kadunungan watak :
(1) Gemi, nastiti, lan ngati-ati. Gemi tegese ngirit, ora gelem ngetokake wragad kang ora prelu. Nastiti, tegese bisa nyimpen asil kas-kaya utawa pametune keng  garwa , lan tansah mbudidaya aja nganti tumundak luput marang kakunge.
(2) Rigen, mugen, tegen. Rigen tegese pinter nata samubarang, temah  resep ing pandulu , nyenengake yen disawang. Tegen tegese betah, santosa ing budi, ora lelemeran. Mugen, tegese ora dhemen lelungan sesanjan, lan ora darbe ati ala.
(3) Ririh, ruruh, rereh. Ririh, tegese tindak-tanduke sarwa alon lan anteng. Nyambut gawe, lumaku, caturan, ngguyu, ditindakake kanthi alon. Ruruh, tegesengerti subasita, ngerti uanggah-ungguh, sopan, anteng. Rereh, tegese sabar atine, ora tau nesu lan ora tau nyuwara seru marang sapa wae.
(4) Gumati, mangerti, miranti. Gumati, tegese nindakake leladi kanthi temen-temen lan ora weya ing kuwajiban. Mangerti, tegese bisa nuju prana, salaras karo kahanan. Miranti, tegese tansah nenimbang karsane garwa, ora nguciwani.
(5) Bisu, lumpuh, wuta, tuli. Bisu, tegese nyegah pangandikan sing kurang prelu, ora gelem nyatur liyan. Lumpuh, tegese nyegah mertamu utawa sesanjan sing ora prelu. Wuta, tegese ora ndeleng priya liya utawa ora gampang nibakake katresnan marang priya liya saliyane bojone. Tuli, tegese ora dhemen ngrungokake bab-bab kang ora becik, luwih-luwih alaning liyan.
Iya jalaran watak-wantune Dewi ratih kang sarwa becik mau mula ora mokal menawa Bathara kamajaya jasok banget katresnane marang Sang Dewi. Bathara kamajaya lan Dewi Ratih kondhang rukune, ora tau congkrah lan padudon, padha bisane ngemong, padha-padha tresnane, temah dadi lambanging katresnan jati salaki rabi.
Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih banget ditresnani dening wong-wong tanah Jawa, mula jaman biyen ana kapitayan, yen ana wong nggarbini kang sepisanan kudu diadani slametan “mitoni, utawa tingkeban”. Diarani mitoni, amarga slametan mau diadani nalika umur kandhutan ndungkap 7 wulan.
Ing sajrone slametan “tingkeban, utawa mitono” mau migunakake cengkir gadhing sarakit kang pinangka sarat utawa sarana. Cengkir gadhing sarakit mau digambari Bathara Kamajaya lan Dewi Ratih. Iki mengku pangarep-arep, murih bayi kang ana ing kandhutan menawa anake lair lanang bagus lan pambegane  kaya Bathara Kamajaya, yen lair wadon sulistya lan pambegane kaya Dewi Ratih.
Ana ing Kakawin Smaradahana, anggitane Mpu Darmaja, dicaritakake Bathara Kamajaya tumeka pati kobong amarga dipandeng dening Bathara Siwah ngangge netrane kang mapan ing bathuk. Dewi Ratih bareng midhanget kakunge seda, sigra tindak nedya bela pati obong. Geni kang wus sireb sanalika murub maneh, katon ngalela angawe-awe pindha astane Bathara Kamajaya nedya angrangkul marang Sang Dewi. Sigra nggebyur manjing tumangan, Dewi ratih sirna margalayu, kuwandhane dadi awu tan prabeda klawan kakunge.
Priksa sirnane Dewa-dewining asmara, Bathara Narada lan para jawata liyane padha matur ngrerepa marang Sang Hyang Siwah kersaa paring pangaksama lan nguripake maneh Bathara Kamajaya lan Bathari Ratih murih manungsa ing arcapada ora cures.
Bathara Guru ya Sang Hyang Siwah ora nayogyani, malah kepara dhawuh marang suksmane Bathara kamajaya lan Dewi Ratih supaya tumurun menyang marcapada. Bathara Kamajaya manjing ing atine para priya, dene Bathari Ratih manjing ing atine para wanita. Pamrihe supaya para manungsa bisa enggal bebranahan, kar-tumangkar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar