Sesanti

Sesanti

Rabu, 17 Desember 2014

CANDRA SUNGKEM



Sanggya para lenggah ingkang tansah hanampi berkah.

Ibu tuwin Rama, sumrambah besan sekalian Wus samapta ing gati, siaga ing dhiri, hanganthi sungkem pinanganten sarimbit. Kairing puja pamuji, mugi-mugi tansah manggih rahayu.....

( : Ldr. Mugi Rahayu Sl.Many )

Panyandra Sungkeman 

 

“Penganten kakung wus jengkar saking dhampar dhenta,  kursi rinengga, anganthi ingkang garwa lumarap ngabyantara myang kang para pinundhi, nenggih rama lan  ibu, lampah dhodhok  bebasan sata matarangan, esthining penggalih amung sumedya sumungkem dhateng padanipun ingkang  rama ibu, sigra tumungkul yayah konjem pratala i wadanane temanten sarimbit,
Tangkepeng asta sarwa  sumembah ing jengku ering kanan, sinartan eninging cipta rumasuk ing sanubari, anyuwun rumentahing pudya hastawa puji hastuti  saking rama miwah ibu, mring esthining driya denira bebrayan, tansah manggih kanugrahan, kabagyan lan kamulyan saking Gusti kang Maha Welas lan Asih.

Dupi sinungkeman ing pepadanira ingkang rama miwah ibu, datan bisa ngunandika, kadya sinendhal mayang batine, sumedhot ing galih, dene putra kang  linairake saiki wus diwasa arep mangun bale wisma, datan karasa trenyuhing driya  akarya tumetesing waspa lamun cinandra  kadya mutyara rinonce, ingelus – elus pamidhangane ingkang putra, ingusap – usap rekmane, ingaras kebak ing raos tresna asih.
Apa  ta menggah darunane…..?

Jro sumungkem anguswa pepadane ingkang rama ibu, penganten anggung enget marang purwaning dumadi duk rikala linairake aneng jagad padhang, ginadhang gadhang kinudang kudang wiwit alit engga diwasa,
Enget marang rama ingkang wus sembada angukir jiwa ragane miwah dadya lantaraning tumuwuh.
Enget marang ibu ingkang wus kuwawa dadya sasana yoga brata salebeting nawa candra dasa ari, sarta anglelithing anggulawenthah wiwit kalane ing guwa garba nganti tumekeng akhir  diwasa, rumaos menawi ageng sanget anggenipun kathah dosanipun dhateng rama  ibu lan kapetangan budi,  enget kapan saged atur piwales.

Eling – eling risang panganten wiwit timur mula anggung ginunggung mring pepoyaning kautamen, amila namung sakedhep netra  wus bangkit angusadani onenging nala, nadyan anandhang sungkawa cekap ing samudana.

Waspada ing semu dupi anguningani bilih ingkang putra denira karerantan  galih, kadya kawijil pengendikane aris kang kebak ing wasita adi, mangkana  ta umpami  kawijiling lesan . :

“ Dhuh anaakku ngger temanten sakloron….
“ Duk kalane isih cilik sira dak kekudang yen ta diwasamu bisa winengku dening satriya tama , ingkang sembada hangayomi jiwa ragamu ing donya prapteng  delahan, ing kalungguhan iki, sepira ta lega bungahing atiku dene kekudanganku jebul wus dadi kasunyatan, kang mengkono lelungsen dak bebekali, kanthi dak suwunake kamurahaning Gusti ingkang Maha Agung, Pangestune rama ibu marang sira sakloron bebasan tansah anglur selur pindha ilineng narmada, muga anggonmu palakrama bisa tuwuh hangrembaka, nganthi tumekaning kaki nini, alandhesan darmaning rasa tresna kang hangrembaka, binarung lan pangestune rama ibu kang wus satraju  marang palkramamu , bisa atut runtut kadi mimi lan mintuna, mugya tansah manggih kabagyan miwah kamulyan, tebih ing sukerta lan godha rencana, sarta dak sesuwun ing rina pantaraning ratri, muga enggala antuk talining brayat , yaiku wujuding pratima kang bangkit bisa tata jalma, ingkang datan liya momongan minangka rengganing bale wisma lan talining bebrayan"

Dupi wus paripurna anggenipun sungkem pangabekti dhateng padanipun rama-ibu, temanten sarimbit kanthi kebak tata susila, subasitaning putra dhateng tiyang sepuh, jumangkah lon-lonan arsa nglenggahi dhampar rinengga.

 


SUNGKEMAN


ASMARADANA

1.      Risang penganten sarimbit,
arsa sumungkeming pada,
mring yayah miwah renane,
nyuwun puji lan pandonga,
nggennya dhaup palakrama,
gesang pinanggih rahayu,
tumuju marang kamulyan.


2.      Wus sumungkem sri pengantin,
ayem tentrem jroning nala,
eling purwa duksinane,
eling rama miwah rena,
rama ngukir jiwa raga,
tapa brata ingkang ibu,
ari dasa nawa candra.


3.      Dupi sinungkeman sami,
ingkang rama miwah rena,
kadya sinendhal batine,
kebak asih miwah tresna,
paringpangestu pandonga,
pinuji amrih rahayu,
mulya hamanggih kabagyan,


4.      Dhasar satriya piningit,
nadyan tresnyuh jroning nala,
karerantan ing batine,
abangkit asung husada,
sinamun ing samudana,
gesang panganten satuhu,
binerkahan ing Pangeran /(Binerkah Allah Ta’ala).