Sesanti

Sesanti

Jumat, 27 Juni 2014

GURIT LUNGIT



REMBULAN MOBLONG
Dening : sdwijosusastro
Nalika rembulan moblong ucul saka gendhonganing jagad
Ayo, gegancangan mapag abyoring lintang mayuta
Dimen biruning langit kang bakal kagelar ing wengi iki
Bisa ginambaran pangangen-angen geganthaning uripmu

Nalika rembulan moblong mancati tataraning langit
Ayo, gegancangan mapag tumuruning tetes atising embun wengi
Dimen gegambaran geganthaning uripmu
Bisa den pulas karana abanging sedya

Nalika rembulan moblong panjer tengahing wengi
Ranggehen abyoring lintang sayuta
Lan jumputana tetes atising embun wengi
Kang kekinclong ing pucuk ijoning gegodhongan
Dimen geganthaning urip kang wus kok gambari
Ing jembaring pangangen-angen
Bisa kapatri ing ati sanubari

Lan nalika rembulan moblong wus pangklong tumpak gigiring arga
Sumetana oboring laku lan cawisna tekening urip
Dimen gegambaran geganthaning urip kang wus kapatri
Bisa kababar bareng mletheking baskara esuk.


JANGKA
(Dening : Sdwijosusastro)

Swara dumeling wecaning pujangga
Urut rumasuk ing dhadha jiwa Jawa
Jaka Lodhang – Sabda Pranawa
Anggung ngulati ubenging jagad
Rodhaning jagad rinegem jangka
Nitihi nam-namaning nasib manungsa
Obah mosik anut wasesaning Kawasa

Jangka jagad jejeg jumangkah
Ngregem wektu wewentehan
Jayaning jagad jinunjung karana jangka
Jejembering jagad jinebol karana jangka

Jangka-jangka kuna
Kinodrat mberat reretuning rat
Ratu-raton rengeting rakyat
Rinempu remuk karana jangka
Oh …. Ronggowarsito
Jangkamu ajeg jumangkah
Njangkahi jaja-jaja jagad alit
Njangkahi jembaring jagad agung

Jangka-jangka kuna
Rineksa rape ting jagad sunya ruri
Anut jaman kelakone
Obah mosik awit wasesaning Kawasa


Sang pujangga wus mbuka wiwaraning warana
Sabda Pranawa wus kawuri
 Napaki windu kuning
 Si Wewe Putih kang gegaman tebu wulung
 Mrajaya wedhon kang idune mandi

Jaka Lodhang ngedhangkrang sru muwus:
“Gunung mendhak-jurang mbrenjul”
Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati
ewasono
Mendhaking si gunung tetep katon agung
Mbrenjule si jurang gesong tetep jugrug
Tan kawawa pepayung song-song agung

Mbok parawan sangga wang dhuhkiteng kalbu
 Buneging kalbu mbudidaya nggugah bangsaku
 Kang sayah kasulayah awit kuku wisaning penjajah
 Linambaran donga- sesanti:
 “Sura dira jayaningrat, lebur dening pangastuti”
 Bangsaku gumregah galeyah-galeyah
 Kanthi gagah ambnedhah ruji-ruj penjajah

Wecaning pujangga kang wus pinasthi:
Sajroning madya akhir, Wiku Sapta Ngesthi Ratu
Ratu-raton rengeting rakyat rantas
Indonesia : Merdeka!!!!!

Kamardikan dudu gayuhan pungkasan
Kamardikan amung titihan rukmi
Siji kang den ancas: Masyarakat adil makmur
Tinemune wong ngantuk anemu kethuk,
 Malenuk samargi-margi,
Marmane bungah kang anemu,
 Marga jroning kethuk isi,
 Kencana sesotya abyor.

                           (Sleman, 16 Agustus 1991)



BENDHE REVOLUSI
      (Dening : Sdwijosusastro)
  
Bendhe revolusi umyung gumuruh
Aruh-aruh anak pertiwi jiwa andana warih
Iki bumimu, iki wutah getihmu!
Apa pinangka pisungsungmu
Kalamun bumi lan bangsamu dicecamah penjajah?
Apa pinangka sumbangsihmu
Kalamun wulu wetu watah getihmu ditawu satru?

Bendhe revolusi geter gumleger
Ngobong semangat anak pertiwi jiwa satriya
Iki bumimu, iki wutah getihmu!
Ayo, bersatu usir penjajah!!!!!!!

Bendhe revolusi pinangka tengara
Adeging Republik Indonesia
Ayo, jaga Negara iki!!
Isi kamardikan iki!!

Awit nalika leluhurmu titip kamardikan iki
Ledhoring mimis mbabat mayuta-yuta nyawa
Mula, aja mbok sengguh kalamun kamardikan iki
Amrik arum lir cendhana sari
Dene kowe para penerus
Mung bisa lungguh jegang sila tumpang
Tanpa krekat ngisi kamardikan negara iki

Aja mbok sengguh kalamun para syuhada kanga taker marus
Bisa nyecep maduning kaswargan
Kalamun kowe para penerus
Mung bisa apal nembang lagu perjuangan
Tanpa urun berjuang

Ayo, obong makantar semangat membangun
Dimen gumerahing bendhe revolusi
Ora mung dumeling pinangka pepeling adeging republik iki
Nanging dadi cambuk gumeroting rodha pembangunan
                                                (Sleman , 16 Agustus 1993)
 
KASETYAN
(Pisungsung katur Mbah Marijan)
Dening : Yohanes Siyamta

Ngugemi dhawuhing sesembahan
Kang kacetha ing layang kekancingan
Panjenengane teguh nindakake ayahan
Tuhu setya ing jejibahan
Temah wani ngadhepi kanyatan

Rikala bebaya nekani
Gunung Merapi metu geni
Saperangan wis padha ngungsi
Simbah isih panggah njagi

Nadyan tuwa tetep rosa
Datan mingkuh ing bebaya
Ora wedi sakeh rubeda

Wus dadi kersaning Pangeran
Mbah Marijan tinimbalan sowan
Pinuju nindakake ayahan
Sholat sujud mring Pangeran

Dosane muga antuk pangapura
Amale muga ditampa
Lan Gusti angganjar swarga
(Mekar Sari, Minggu Pahing 31 Oktober 2010)



WIS ORA ANA MANEH KANGGO KOWE
                                               Anggitane Yunani
                       
                        Wis ora ana maneh kanggo kowe, anakku
                        Dongeng kancil apa uthek-uthek ugel
                        Nyengkelit kendhi bujel
                        Pak guru repot penataran, ibu asring tindakan
                        Wacanen dhewe ing kamar
                        Komik Bionic, Flash Gordon lan Sailormoon
                        Wis ora ana maneh kanggo kowe anakku
                        Nglangute pangkur palataran
                        Swarane gendhing dolanan
                        Yen rembulan ndadari sumunar padhang jingglang
                        Setelen video game, kaset obralan lan tamagoci
                        Marga wis ora keprungu jamuran ing wayah wengi
                        Nini thowok kari bathok sumendhe gowok
                        Neng kamar simbah muwun sesenggukan
                        Nangisi dina wuri kang ilang
                        O, putuku kabuncang angine jaman
                        Kabeh pangan akeh kang imporan
                        Ombyaking jaman
                        Bias kacegah kanthi iman sing mapan
                                                            (Parikesit No.544/1983)