Sesanti

Sesanti

Jumat, 27 Juni 2014

GEGURITAN GOTONG ROYONG



                           Ayo Gotong Royong

Kembang-kembang terong
Mbang terong megare sore
Ayo gotong royong
Gotong royong nyambut gawe

Kembang-kembang lembong
Mbang lembong dironce-roce
Ayo gotong royong
Guyup rukun kabeh wargane
……………………………                           
Wus dadi kodrate
Manungsa mono tan  bisa urip dhewe
Saka lahir prapteng patine
Tansah gumantung sapepadhane

Mula,  urip gotong royong kang pinatri ing telenging nala
Tindakna ywa nganti kepeksa
Kudu lila legawa
Sepi ing pamrih rame ing gawe
Iku semboyane
Mempeng makarya kiwakna pepulih
Murih salwiring gati
Titi tamat telas lulus basuki

Kabeh pakaryan  linakwan
Kanthi seneng ulat padhang tan nggresula
Urun bau suku, penggalihan, apadene  redana
Kanthi dhasar karukunan
Mahanani bebrayan kang tata tentrem karta raharja
(Pak Jarno, Sleman 23 Maret 2011)


                                                                             Sengkut Gumregut


Langit wetan sumamburat abang
Trontong-trontong sang bagaskara ucul saka gendhongane jagad
Embun esuk lir mutyara rinonce
Angawe-awe manembrama tekane dina anyar

Nalika sang surya mancati tataraning langit
Kapyarsi dara muluk angaluk-aluk
Celuk-celuk warga desa Punthuk
Murih padha mlumpuk ing bambinging gumuk

Selur andalidir lir sela blekithi
Lumampah datan  ana pedhote
Pacul, arit, dhandhang, linggis
Wus samekta ing asta
Gya makarya saiyeg saekapraya
Sengkut gumregut  tumandang kardi
Nambak-nambal setu banda kang ambrol

Tangan-tangan prakosa kinanthen  tekad waja
Linambaran sesanti Sepi ing pamtih rame ing gawe,
Holobis kuntul baris
Pakaryan abot lan nglengkara
Dadya nyata
Setu banda wus kabanda pengkuh kukuh bakuh

(Pak Jarno, 6 Agustus 2010)


 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar