Sesanti

Sesanti

Selasa, 15 Juli 2014

KAWRUH TEMBANG



Kawruh Tembang

Sing diarani tembang yaiku  rumpakan utawa anggitan kang kaiket ing paugeran-paugeran tinamtu. Wujude tembang ing kawruh kasusastran Jawa bisa kabedakake dadi 8 yaiku:
  1. Kakawin
  2. Kidung
  3. Tembang Gedhe (Sekar Ageng)
  4. Tembang Tengahan (Sekar Tengahan)
  5. Tembang Macapat (Sekar Macapat/Sekar Alit)
  6. Tembang Padhalangan (Suluk)
  7. Tembang Gendhing (Sekar Gendhing)
  8. Tembang Dolanan

  1. KAKAWIN
Kakawin yaiku tembang basa Jawa Kuna utawa Kawi. Tembung Kakawin saka lingga Kawi kang tegese penyair . Pujangga utawa penyair besar diarani Kawiswara. Dene tembung Kakawin dhewe dasanamane kawya, kang tegese syair, sanjak, puisi (S.Wojowasito, 1977)
Kakawin digunakake wiwit jaman Mataram Hindu tumeka jaman Majapahit. (910M -1574M).
    1. Paugerane Kakawin
a.       saben sapada (satu bait) kadadean saka 4 gatra utawa larik
b.      saben sagatra utawa saben larike cacahing wanda (suku kata) ajeg padha
c.       saben gatrane nduweni sipat guru (swara abot) lan lagu (swara entheng) kang ajeg padha.
Sing kalebu swara abot/Guru (-)
·         wanda (suku kata) mawa tandha (-)
·         wanda (suku kata) swara e utawa o, au
·         wanda sigeg (suku kata tertutup/suku kata mati)
·         wanda urip cendhak kang sumambung konsonan rangkep: dr, pr, pw, lw, kw, ly (samudra, mitra, wipra, tulya, milwa) (Hadiwidjaya, 1953)
    1. Tuladha Kakawin
Turagagati
Padma ramya sumekar pada manedeng,
Wintang ing gagana sor ta hayu nika,
Komalanya ya maweh lara ri hati,
Coka sang priyawiyoga mulati ya.

Jarwane
Trate abang endah nedheng padha mekar (Teratai merah indah sedang bermekaran)
Lintang ing langit kae kalah ayu (bintang dilangit itu masih kalah indahnya)
Kumalane nambahi sedhinging ati (Keindahan kelopak bunganya menambah sedih di
hati)
Susah priya kang nonton dheweke.(Sedhih lelaki yang melihatnya)
    1. Jenenge tembang Kakawin
Manut buku Wrettasancaya anggitane Mpu Tanakung  jenenge Kakawin watara ana 94. Tuladha : Turagagati, Wisarjita, Bhrahmarawilasita, Sardulawikridita,Cikharini, Praharsini, Kusumawicitra, Aswalalita, Lalitawisama, Ragakusuma, Bhramarawilambita, Tanumadya, Wipula, Kumaralalita, lsp.
    1. Buku-buku (Serat) kang ditulis awujud Kakawin
a. Jaman Mataram Hindu (Abad 8-9 )
·         Serat Ramayana /Ramayana Kakawin (Th. 910M)
Kaanggit jaman Dyah Balitung isine ana 6 kandha (Balakanda, Ayodyakandha, Aranyakandha, Kiskendhakandha, Sundarakandha, Yudhakandha)
Wosing crita : pencilkan Dewi Sinta dening Prabu Rahwana/ Dasamuka ratu ing Alengka. Rama lan Laksmana dibantu dening Sugriwa lan Hanoman dalah wadyabala wanara (tentara kera) kasil ngrebut Dewi Sinta. Rahwana sawadyabalane nemahi tiwas.
                           b. Jaman Kedhiri (Abad 11-13)
                   Ing jaman kedhiri iki wohing kasusastran kang awujud kakawin kayata:
                   
·         Arjunawiwaha Kakawin, anggitane Mpu Kanwa, jaman Prabu Erlangga Th. 1019 – 1042 M
Wose Crita : Arjuna tapa ing pertapan Indrakila disraya Dewa nyirnakake Prabu Niwatakawaca raja Himantaka kang bakal nglamar widadari Dewi Supraba. Arjuna oleh anugrah panah Pasopati bisa mateni Prabu Niwatakawaca, wusanane Arjuna kawiwaha (dinikahkan) karo Dewi Supraba.
·         Kresnayana Kakawin, anggitane Mpu Triguna, jaman Prabu Warsajaya Th. 1104M.
Wose crita : Dhaupe Kresna karo Rukmini putrine raja Kundina.
·         Sumanasantaka Kakawin, anggitane Mpu Monaguna, Jaman Prabu Warsajaya
Wose crita : Nyaritakake dhaupe Pangeran Aja karo Dewi Indumati. Sawise nglairake Dasarata Dewi Indumati seda amarga dibalang kembang dening Narada. Sumanasa = kembang, antaka = mati, tegese mati dening kembang.
·         Smaradahana Kakawin, anggitane Mpu Dharmaja, jaman Prabu Kameswara I Th. 1115 – 1130M
Wose crita : Bathara Kamajaya (dewaning asmara) kaobong dening Sang Hyang Siwah (Bathara Guru) marga nggodha tapane. Dewi ratih garwane uga bela obong. Uga nyaritakake laire Bathara Ganessa (Bathara Gana, dewa arai gajah, dewaning ilmu pengetahuan).
·         Bhomakawya Kakawin, jaman Prabu Kameswara I
Wose crita : Prabu Kresna disraya dewa mateni Prabu Bhoma. Sang Samba lara ngengleng kasmaran Dewi Yadyanawati.
·         Bharatayuddha Kakawin, anggitane Mpu Sedhah lan Mpu Panuluh, jaman Prabu Jayabaya, tahun 1157 M (1079 Saka)
Wose crita : Peperangan antarane Pandhawa mungsuh Kurawa.
·         Hariwangsa Kakawin, anggitane Mpu Panuluh, jaman Prabu Jayabaya Tahun 1135 -1157M)
Wose crita : Dhaupe Prabu Kresna karo Dewi Rukmini, memper karo Kresnayana.
·         Gathotkacasraya Kakawin, anggitane Mpu panuluh, jaman Prabu Kretajaya, tahun 1188M.
Wose crita : Dhaupe Abimanyu (putrane Arjuna) lan Siti Sundari (putrane Kresna) kang dibantu dening Gathotkaca.
·         Wrettasancaya Kakawin, anggitane Mpu Tanakung, jaman Kedhiri akhir
Wose crita : Isi piwulang  bab tembang Kakawin,  conto-conto jenenge kakawin kang cacahe ana 94.

c.   Jaman Singasari (Abad 13 -14)
·         Lubdhaka, anggitane Mpu Tanakung, jaman Ken arok 1222M
Wose crita : Sawijining grema (pemburu) kang nalika mati bisa mlebu swarga amarga tau ngalami sawijining wengi “Siwah Ratri Kalpa”, tegese wengi kanggo Dewa Siwah.

d.      Jaman Majapahit (Abad 14)
·         Kunjarakarna Kakawin
Wose crita :  Ana Buta aran Kunjarakarna kang kepengin ruwat dadi manungsa. Dening Wairocana, Kunjarakarna kadhawuhan sowan Bathara Yamadipati niliki papan paukuman ing naraka lan pasiksan ing naraka.
·         Negarakretagama Kakawin, anggitane Mpu Prapanca 1365, jaman Prabu Hayam Wuruk (1350-1389M)
Isine : Nyaritakake nalika Prabu Hayam Wuruk lelana menyang Blambangan lan ngubengi wilayah Majapahit. Sarta isi critane Gajah Mada sapunggawane anggone ndherekake  raja Hayam Wuruk.
·         Arjunawijaya Kakawin, anggitane Mpu Tantular, jaman Prabu Hayam Wuruk (sampun sepuh).
Isine : Nyaritakake perange Prabu Dasamuka mungsuh Prabu Danaraja , lan perange Prabu Dasamuka mungsuh Harjuna Sasrabahu ing Mahispati nganti kepikute Dasamuka.
·         Sutasoma Kakawin/ Purusada-Santa, anggitane Mpu Tantular, jaman Prabu Hayam Wuruk.
Isine : Nyaritakake lelakone Raden Sutasoma kang bakal didhaupake lan didadekake ratu ing nrgara Astina nanging ora kersa, wusanane lunga saka kraton. Raja raseksa aran Purusada bakal korban 100 raja marang Batara Kala. Raden Sutasoma saguh dimangsa Bathara Kala dadi ijole 100 raja pinangka sesaji. Wusana Sang Purusada lan Bathara Kala sadhar awit saka kaluhuran budi Sutasoma.
·         Parthayadnya Kakawin, anonym
Isine : nyaritakake nalika Pandhawa diina dening para Kurawa sawise kalah main Dhadhu kudu diukum 12 taun. Arjuna tapa ing Indrakila.
·         Nitisastra Kakawin, anonym
Isine : Piwulang budi pekerti, filsafat. Tuladha : Jun iku yen lokak banyune kocak-kacik, nanging yen kebak, anteng. Sapi iku yen swarane gedhe, seru, landhung, presane sethithik. Wong iku yen rupane ala, akeh polahe, akeh rekane, akeh wicarane (supaya katon bregas). Wong iku yen kurang pengajaran, wicarane sora, kenceng, ora ngenaki ati.
·         Nirathaprakreta Kakawin (Th.1459M), anonym.
Isi : Ngelmu kasampurnaning dumadi utawa mistik.
Tuladha : Kang wis kalumrah dosane dhewe kang gedhe   didhelikake, diumpet-umpetake aja nganti kawruhan ing liyan, nanging  yen wong liya sing luput, sanadyan mung sethithik diuthik-uthik, diobral ing wong akeh. Lan maneh seneng atine yen weruh wong liya kataman susah, meri menawa wong liya nemu kabungahan, digolek-golekake lupute supaya tiba ing kasusahan. Nesu yen dicacad, bungahe nemen  yen dialem.
·         Dharmasunya Kakawin (Th. 1382/1418M?).Anonim.
Isi : Piwulang filsafat lan mistik
Tuladha :Kapas iku dadi barang suwek (kain) werna-werna. Enggone seje-seje iku sabab digawe ing wong, banjur diarani cita, lurik, sembagi, katun, sapanunggalane. Wujud siji-sijine ikubanjur dialem: tanahe apik, wujude becik. Ora weruh yen iku mau sajatine kapas, kang digawe warna-warna dening wong.
·         Harisraya Kakawin Kakawin. (Th. 1574M). Anonim.
Isine: Nyaritakake Mali, Sumali, Malyawan kang banget kumawasa wusana wani ngendhih (menyerang) kaindran. Dewa Wisnu bisa numpes Mali lan Malyawan, dene Sumali mlayu ndhelik ing dhasaring samodra.


           
DAFTAR PUSTAKA

Hadiwidjana, R.D.S.1963. Sarwasastra I. Djakarta: Pt. Kicana.
            ________________.1968. Sarwasastra II. Jogja: U.P. Indonesia.
            Poerbatjara, Prof. Dr.R.M.Ng. Kapustakan Djawi. Djakarta: Penerbit Djambatan.
            Purwadi, Dr. 2001. Babad Tanah Jawi Menelusuri Jejak Konflik. Yogyakarta: Pustaka Alif.
Wojowasito, Prof. Drs. 1977. Kamus Kawi-Indonesia. Jogjakarta: CV. Pengarang.
            Subalidinata. R.S. 1994. Kawruh kasusastran Jawa. Yogyakarta: Yayasan Pustaka Nusatama

Tidak ada komentar:

Posting Komentar