Sesanti

Sesanti

Minggu, 23 Agustus 2015

DHANDHANGGULA PLESEDAN




DHANDHANGGULA PLESETAN
Dening : Mbah Guna Pawiro

1.      Bakso hino siomay suzuki,
Capjay honda fuyunghay toyota,
Subaru bakmi gorenge,
Mihun goreng daihatzsu
Super carry dimasak yami,
Fuso digawe acar,
Starlet lalapanipun,
Bakwan jimmy pangsit zebra,
Paklay nissain isuzu dipun gorengi,
Asem-asem minicap.


2.      Rawon dhuku bestik manggis komplit,
Brongkos langsep asem-asem salak,
Kedhondhong sambel gorenge,
Kates kinarya semur,
Lodheh sawoterik belimbing,
Klengkeng digawe empal,
Oseng-oseng jambu,
Tomis duren pecel nangka,
Gule pakel sate pelem soto kweni,
Gadho-gadho rambutan.


3.      Brongkos rebab asem-asem suling,
Rawon siter oseng-oseng gambang,
Bestik clempung tomis gender,
Sambel goreng ketipung,
Kethuk kempyang digawe bakmi,
Demung digawe empal,
Slenthem sing disemur,
Pepes kenong pindhang bonang,
Pecel saron soto kempul sate peking,
Gule gong tongseng kendhang.

4.      Kare kaset tomis televisi,
Mi radio gule parabola,
Bumbu bali ya Hape-ne,
Vidio sing disemur,
Minicompo dipunsujeni,
Ampli digawe acar,
Travo lalapipun,
Soto roket sop palapa,
Kalkulator komputer dipun-gorengi,
Sambel goreng kamera.

5.      Sate dhaster tongsenge rok mini,
Soto surjan oseng-oseng beskap,
Kimono garang aseme,
Jaket kinarya semur,
Mekak kemben dipungorengi,
Kotang digawe acar,
Sambel cawet lalap beha,
Pecel kaos ondhe-rok dipun-santeni,
Bestik komplit kebayak.

6.      Brongkos wewe rawon banaspati,
Gudheg wedhon dhendhengira setan,
Gendruwo bakmi gorenge,
Thuyul kinarya ingkung,
Glundhung pringis dimasaktomis,
Dhemit digawe acar,
Menthek singdisemur,
Sambel mayit lalap keblak,
Soto peri kemamang digawe bestik,
Asem-asem siluman.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar