Sesanti

Sesanti

Minggu, 23 Agustus 2015

TEMBANG KINANTHI



Tembang Kinanthi mengku pasemon bocah cilik kang isih kudu digandheng, didhidhik utawa digulawenthah dening wong tuwane sakloron sarta guru. Tuladha tembang Kinanthi sarta guru wilangan lan guru lagune :

Kinanthi Surya Candra

Surya, candra lawan daru, (8 u)
Myang kartika iku sami, (8 i)
Gung kaliwat padangira, (8 a)
Datan ana kang madani, (8 i)
Nanging isih kalah padang, (8 a)
Yen katandhing ninging ati. (8 i)

Kinanthi Serat Rama

1.      Nalikane rohing dalu,
Wong agung mangsah semedi,
Sirep kang bala wanara,
Sedaya wus sami guling,
Nadyan ari sudarsana,
Wus dangu nggenira duling.


2.      Kukusing dupa kumelun,
Ngeningken tyas sang apekik,
Kang kawengku sagung jajahan,
Nanging sanget angikibi,
Sang Resi Kanekaputra,
Kang anjok saking wiyati.


3.      Teka ndadak melu-melu,
Kaya budine wong ceplik,
Lali lamun kalokengrat,
Tri bawana amurwani,
Mustikaning jagad raya,
Dhemen lalen sangga runggi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar