Sesanti

Sesanti

Minggu, 23 Agustus 2015

MANTEN




ETIMOLOGI TEMBUNG MANTEN
Aja maneh kok wong umum, wong sing ora pati dhong ketha-kethune wong mantenan. Klebu tamu-tamu sing mung rawuh jagong, absen, kithing-kithing ngasta kadho, dhahar, terus kondur. Bubar salaman karo mantene, njur byur-nyebar menyang daleme dhewe-dhewe. Apa hikmahe jagong manten, ora dibundheli. Ora ana sing nyanthel babar pisan. Paling mung kelingan mantene mau jian ..... uayu, lan baguse uleng-ulengan. Wis! Mgono iku lumrah, selagine kang duwe gawe mantu bae durung karuwan menawa damang surasane “manten”

            Malah kepara tukang ular-ular manten, sa-MC-ne pisandurung mesthi bisa ngudhari kanthi gamblang tegese “manten”. Akibate ora mokal yen mantene dhewe uga “Jas bukak iket blangkon, sama juga sami mawon, alias babar blas ora dhong”. Kaladuking panemu, lha wong sing tau dadi manten wae ora ngerti maknane istilah “manten”, apamaneh wong kang durung dadi manten.
           
            Tembung “manten” ana sing negesi kanthi jarwa dhosok “teman (kanca) sing dienteni. Teman mono karepe kanca urip. Urip bebrayan sing tansah dianti-anti. Kanca urip bebrayan durung dianggep sah yen durung dadi manten. Mula wis samesthine yen manten antuk kalungguhan istimewa ing jagading urip bebrayan, omah-omah. Malah swargi Mukidi Adisumarto dhosen Basa Jawa IKIP Yogyakarta (saiki UNY) paring pratelan menawa manten kuwi klebu salah sijine prastawa urip kang wigati. Amarga klebu prastawa kang “aji”, banjurana kang duwe panemu manten mono minangka “galenganing urip” (watesing urip/batas hidup). Dadi lantaran manungsa anggone bakal mlangkah marang donya sabanjure.

            Van Gennep ing buku “Les Rites de Passage” (Jaya Baya nomer 20, 1990) mratelakake : Ing urip bebrayan kuwi ana lelakon kang diarani “rites de aggregation”, ”Upacara miwiti urip anyar”, kayata manten. Dadi bisa dipahami manawa urip sadurunge dadi manten, kalebu tataran urip lawas. Lire urip sing isih gumantung marang wong liya, yaiku wong tuwa. Dene urip sawise dadi manten klebu urip anyar, lire kudu bebadra dhewe, urip mandireng pribadi, urip anyar kang kebak tantangan abot.

            Manten uga kena diarani “srana mlangkah urip kang kukuh bakuh”  Urip sentosa, ora gampang katrejang angin, bebasane. Jalaran madeging bale wisma dilambari pangiket talining katresnan. Bab iki laras karo firman Allah SWT ing Surat Adz Dzaariyaat ayat 58 :
Innallaha huwar razzaku zul kuwwatil matin(matinu).
Satemene Allah SWT iku dzat kang paring rejeki sing duwe kekuwatan pengkuh bakuh, santosa [QS. ADZ DZARIYAT 51:58]
Landhesan ayat ing dhuwur, bisa dinuga yen tembung “manten” iku ingsetan saka basa Arab “matiin”. Kajaba iku, S. Prawiroatmodjo ing Kamus Kawi Jawa, mratelakake tegese tembung “anti” (diarep-arep/ dienteni) lan tembung “antya” (kaluwih-luwih/banget). Manawa istilah “manten kuwi kapirid saka tembung “anti” lan “antya” kirakku ya ora adoh banget. Amarga jejering manten iku tansah banget dienteni, diantu-antu dening sapa bae.

            Prof. S. Wojowasito ing Kamus Kawi – Indonesia negesi tembung kang memper karo “manten” yaiku “mantwa, mantya, mantyan” sing tegese: “sateruse”, karepe manten kuwi kanggo urip salawase, yaiku urip ing donya tekan akherat, kaya  yen ana ing jagading pakeliran prasapane  Dewi Setyawati marang Prabu Salya ya Narasoma  anggone nglabuhi tresna saka donya prapteng delahan. Tembung telu mau uga cedhak karo seratane WJS Poerwadarminto ing Bausastra Jawa, kaca 183 yaiku tembung : “kamantyan, kang mingsed dadi “kemanten”. Tembung “kamantyan” mono dumadi saka tembung “kama + antya + an. “Kama”, tegese tresna (love), “antya”, tegese pungkasan utawa kaluwih-luwih. Gerbane “kamantyan” duwe surasa “tresna kang pungkasan, tresna kang kaluwih-luwih”

            Wong kang mantenan asring disebut duwe gawe “mantu”. Durung ana alesan sing pas bab hubungane istilah “manten lan matu”. “Mantu” bisa ditegesi kanthi jarwo dhosok: sing dieman-eman wis metu. Lire ing jaman biyen bocah wadon iku disengker utawa dipingit, bareng uwis dadi manten lagi oleh metu. Manawa tembung mantu lan manten digathukake, katone ngemu surasa menawa manten kuwi pinangka sarana ngluwari sengkeran kanggo nempuh brayat anyar, nempuh urip salawase, sateruse. Mung wae teges ngono mau isih dhapur gagap-gagap. Kiraku isih ana surasa kang luwih trep lan mathis. Sapa kang bisa ngudhari? Perlu lho, kareben calon manten, mantan manten, tukang ular-ular, lan  MC dhong tenan.
            Wasana, “Dadi manten iku seneng, nanging aja seneng dadi manten”

Tidak ada komentar:

Posting Komentar