Campursari mujudake
lelagon Jawa kang ngemot maneka warna jenis musik. Wujuding lagu kang bisa
dicampursarekake antarane: lagu dolanan,
langgam, bawa macapat, bawa tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak,
lagu pop, keroncong, dhangdhut, lagu manca, lan liya-liyane. Instrumen kang
kanggo ngiringi campursari mujudake gabungan antarane pentatonis lan diatonis.
Saka instrument pentatonis/ gamelan antarane: Kendhang, gender, slenthem, gong, demung, saron, siter, suling.
Dene saka instrument diatonis antarane : Organ,
key board, gitar, bas guitar, biola, drum, ukulele, lan sapanunggalane.
Kekarone sawise digarap lan dilaras nadane bisa dianggo bebarengan kanthi trep
lan harmoni.
Embrio musik campursari satemene wis wiwit ana ing tahun
60-an. Waljinah (Ratu Walang Kekek, penyanyi langgam keroncong saka Sala), Ki
Narto Sabdo saka Semarang (Dhalang kang uga pangripta gendhing) Mus Mulyadi
(Penyanyi langgam, kroncong, pop Jawa) nduweni andil gedhe tumrap mekaring
embrio campursari. Ing taun 1990-an Anto Sugiyarto (Mantho’us) lan Harjana
(adhik Mantho’us) seniman saka Gunung Kidul ngenalake musik campursari gagrag
anyar nalika iku Mantho’us nandhesake menawa manunggaling unsur pentatonis lan
diatonis ana ing musik campursari ora mung waton nyampur, nanging anggone
nyampur unsur musik kekarone kudu bener
lan pener. Senajan campursari
mujudake gabungan unsur pentatonis lan diatonis nanging campursari iku dudu
keroncong, dudu karawitan, dudu langgam, dudu dhangdhut, lan dudu pop musik
campursari ya musik campursari. Keadiluhungan musik campursari pinangka musik
kreasi saka pengembangan musik tradisi Jawa bisa dititik saka: pola sajian musik, pola garap, lan kostume para musisi apadene
wiraswara lan swarawatine (penyanyi). Tahun 1993 Mantho’us ngedegake
CSGK(Campursari Gunungkidul) Maju Lancar lan ngasilake rekaman campursari kang
kanyata bisa ditampa dening masyarakat nganti tuwuh ngrembaka engga seprene lan
banjur tuwuh penyanyi-penyanyi campursari kayata: Anik Sunyahni, Cak Diqin,
Didi Kempot, Nur Hana, Minul, Lasmini, Edy Laras, Suteja, Indah Saraswati,
Soimah Pancawati, lan liya-liyane kang ngeblat CSGK. Mula ora jeneng aneh menawa
Mantho’us antuk sebutan Sang Maestro Campursari.
Paraga kang nglagokake campursari diarani wiraswara
(kakung) utawa swarawati(wanita). Anggone nglagokake mardika (bebas) lire bisa
kanthi lungguh, ngadeg, bisa diselingi omong-omongan, sing baku seneng gumyak lan nges swasanane. Mula
campursari bisa lumebu ing adegan limbukan
lan gara-gara (wayang kulit), kethoprak, dhagelan, lan liya-liyane.
Wujud Campursari
- Lelagon Campursari : Gethuk, Tamba Ati, Nonong, Randha Kempling, Cocak Rawa, Mbah Dhukun, Stasiun Balapan, Sewu Kutha, Reformasi, lsp.
- Lelagon Dolanan Campursari : Turi-turi Putih, Suwe Ora Jamu, Buta galak, Jamuran, Iris-irisan Tela, Ilir-ilir, Ayo Praon, Swara Suling, lsp.
- Sekar Gendhing : Ela-Ela Gandrung, Perkutut Manggung, Ayun-ayun, Sinom Parijatha, Pangkur, Ayak-ayakan Pamungkas, Umbul Donga, lsp.
- Macapat Campursari : Asmaradana, Sinom, Dhandhanggula Turu Lare, Mijil Kethoprakan, Pocung Kagok Ketanon, Pangkur Ngimpi, lsp.
- Langgam Campursari : Nyidham Sari, Setya Tuhu, Yen Ing Tawang, Kelinci Ucul, Petis Manis, Ngimpi, Luntur, Jenang Gula, Caping Gunung,Petis Manis, lsp.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar