Dasamuka : “Wueh .....ya bandhaku ya dewaku, jagad dewa
bathara, Kumbakarno!”
Kumbakarno :
“Apa kakang prabu?”
Dasamuka : “Jroning siniwaka pun kakang
tripandurat, nadyan saklimah ora kewiyos pangandikane labet anggung kengetan
rusake kadhaton Ngalengka setahun kepungkur kang nalika semana kobar satemah
kabur, amarga wohe nggonku kibir, nganti genine sumamburat ing antariksa, yen
tak sawang kaya wujude kawah kang nedheng njeblug saka gunung. Kobare kadhaton
Ngalengka duking uni dening kethek putih, bedhes Anoman , kongkonane Rama
Regawa saka Gunung Maleawan . Kepengin nyoba, angon limpene pun kakang ,
diwiwti saka nggone njujug Taman Arga Soka , nganti kalakon sapatemon kalawan
Si Wara Sinta . Marga saka iku pun kakang darbe pangira yen ta , kalakon kaya
kang nedhenge sinandhang ora bakal mendha niscaya marajalela angombra-ombra .
Tekane Anoman bedhes putih kang nalika semana dikongkon dening Rama Regawa
tinanggenah angukur sepira jembare kadhaton Ngalengkadiraja kang sarta
nyacahake pira akehe wadya lan gegamane apadene ngukur dedeg piadege pun kakang
. Ya saka glagat kang mangkono wus tetela yen ta ketentremane Ngalengkadiraja
ing mangsa kalungguhan iki diogreh-ogreh dening pakartine Rama Regawa kena tak
upamakake nedhenge mapan ana sangarepe lawang kapunahan . Marga saka iku yayi,
ora jeneng mokal yen ta jeneng ingsun apadene si adhi , menapa dene sampeyan
paman Prahastha kudu nengenake kaprayitnan lair batin , ngibarate sedhiya
payung sadurunge udan , nyawisake tasik sadurunge benjut . Kandelana bebeteng
Ngalengka Diraja , saya jerokna jejagange Ngalengka Diraja , aja nganti kelebon
trubusane satru thukulane mungsuh kang padha nindakake bebidho hangapi rowang ,
trenggiling hangapi mati yaiku pakartine para
bedhes wadya balane Rama. Rehne sira Kumbakarna satriya Ngalengka Diraja
ora jeneng mokal yen ta ajeg jejege Ngalengka Diraja gumantung saka santosane si
adhi sakadang kadeyan kalebu kabeh putra-putraningsun Ngalengka Diraja . Dina iki dak jaluk lilane
atimu aja nganti lena, nanging tetepana nggonmu prayitna lair batin . Aja
nganti kadadean –kedaean ingkang anjalari gempaling kawiban ingsun negari
Ngalengka Diraja....”
.....................Anjrahing kang puspita
rum...................
Kumbakarno :
“Kakang Prabu, apa kepareng aku nanggapi pangandikane kakang prabu?”
Dasamuka : “Mapan iku ingkang tak arep-arep” .
Kumbakarno :
“Iya, kakang , yen ta aku kepareng nanggapi, mungguh rempu, satemah dadi rempon
negara Ngalengka Diraja kalebu meh anggempal kawibawane kakang prabu mau , ora
saka sapa-sapa , ananging tinemune anempuh bebasan ngundhuh wohing panggawe
ngrasuk wohing pakarti”.
Dasamuka : “Yohhhhhhhh piyeeeee......Kowe tutur
–tutur kaya brahmana marang muride
yaaaa....Hooooahhhhhh......Kumbokarnooo..............kowe ngucap yen ta meh wae
gempal kawibawane pun kakang labet, pun
kakang kok unekake nempuh bebasan ngundhuh wohing pakarti , ngrasuk wohing
panandur, upamane perkara apa wong jarot heh............!!!!!!?”
Kumbokarno : “Kumbakarno
ora bakal mulang muruk marang kakang prabu, nanging ingkang bakal dak aturake ,
marang paduka kakang prabu ora liya amung wewangson apadene pangandikane para
winasis kang kabeh mau dadi pepali kang sarta pepeling marang sapa wae kang
nedheng –nedhenge lali kang sarta nedheng-nedhenge kepetengan budi . Kae ana
tetembungan gajah ngidak rapah, palang mangan tandur, dene jebulane
ucapan-ucapan kang mangkono samengko tinemu ana salira paduka kaka prabu....”
Dasamuka : “Iyaaah......piye mara age sira
ngucapa tak rungokke , sing cetha ucapmu hem......”.
Kumbakarna : “Bakal
kaya ngapa gedhene dedosan yen ta kakang prabu wis kepareng coba-coba angrusak
pagerayu, ngogak-ogak turus ijo kang sarta ngubak-ubak banyu bening . Dene
aturku kang mabgkene nganggo ukur kamanungsan . Ing atase manungsa ukurane ya
manungsa . Kira-kira upama kakang prabu nglakoni kaya Rama Regawa , nedhenge
posah-pasihan lan bojone wekasan bojone cinidra dening priya liyane mono upama
kaka Prabu kepriye?”
Dasamuka :
“Tak pateni wonge !!”
Kumbakarna : “Upama
wonge wani?”
Dasamuka : “Tak jejuwing kuwandhane!!”
Kumbakarno : “Tegese
kakang prabu wis trep kalawan sajatining
manungsa, dadi manungsa iku yen
digegarap kayadene si Rama anane ya mung serik,
runtik , wekasan dadi susah.......!!”
Dasamuka : “Heeeeemmmmm!! Ning kosik, kowe
ngerti pilah-pilahe drajad kamanungsan apa ora, ibliisss!!?”
Kumbakarna : “Upamane
kepriye?”
Dasamuka : “Rama kuwi wong ngendi , hemmm?”
Kumbakarno : “Iyaa....nadyan
ing mangsa kalungguhan iki tansah lelana ana turut ngalas , nanging miturut
gothek , Rama Regawa iku uga dudu wong cilik ongklak-angklik , dudu wong lola
saudon telu saurupan , nanging maksih
trahing kusuma rembesing madu , atmajendra ing nagara Ayodya putrane Sri
Dasarata tinemu pembayun, dadi tumrape drajad aku bisa ngarani lan kaka Prabu
mau amung mor misah “
Dasamuka : “Dasaratu kuwi ratu ngendi?”
Kumbakarno : “Ayodya...”
Dasamuka : “Ngalengka Diraja karo Ayodya kuwi
negara kepriyeeee??!!”
Kumbokarno : “Ayodya
iku amung tiba sapra satuse “
Dasamuka :
“Wong kang mung negarane cilik apa bakal ngungkuli wong kang negarane gedhe?
Iku lagi kang mung sinawang ing tata gelar, durung kasektene mangsane , hemmm!
Kowe duwe guobog ora, hemmm?!!”
Kumbakarno : “Iya.....
Rasa kamanungsan iku satemene ora bisa diukur kahanan , rasa kamanungsan mau
pangukure amung sarana rasa tepa salira “
Dasamuka : “Pun kakang kok anggep kurang tepa selira kaya kang kok andharake , nrithik
ucapmu, kaya bethet sewu andum
memangsan, kowe nggunakake tembung kang becik-becik, ngogak-ogak turus ijo,
hemmmm......ngubak-ubak banyu bening, ngrusak pagerayu . Manungsa kang petunge
tinemu ganjil kaya kowe kuwi ora jeneng
mokal yen ta selawasmu urip kesinungan guooblog kowe yaa!!! Dasarata kuwi
manungsa apa dewa? “
Kumbakarno : “Manungsa”
Dasamuka : “Rama kuwi manungsa apa dewa?!!”
Kumbakarno : “Ya
manungsa”
Dasamuka : “Kowe eling ora , kowe eling apa
ora? Nalikane pun kakang jumeneng narendra ing Ngalengka Diraja lagi pirang
taun lawase , pun kakang wus angucap: Jagad iki aja ana manungsa kang pinunjul
kajaba mung Rahwana Raja , jagad aja ana wong sekti kajaba mung Dasamuka, jagad
aja ana wong prewira kajaba amung Dasamuka, jagad aja ana wong duwe wewenang
kajaba amung Dasamuka , jagad aja ana wong sugih kajaba amung Dasamuka ,
heemmmm!!!! Pun kakang senadyan mung sipat manungsa yen mung nelukake mangsa
wae ora lega. Nadyan nalika semana lekase pun kakang upamane wong mlaku
nyerempet –nyerempet bebaya, parandene dak
cerak . Pun kakang mbedhah kaendran sing dak kanthi mung kowe karo Si
Gunawan , kowe eling ora wong guooblog hemmm??!!”
Kumbokarno : “Eling”
Dasamuka : “Bareng pun kakang munggah marang
kaendran kowe nyumurupi dewa-dewa biyen padha ngapa ?”
Kumbokarno : “Lali.....”
Dasamuka : “Kowe guooblog hemmmm . Dewa-dewa
nggone padha mabur pating kleper bareng ngungkuli mustake pun kakang dhawah
plakkk!!! Padha luntak ludira nekuk dhengkul, nguncupke tangan , ngangklungke
gulu, teluuuukkk marang pun kakang pasrah pati urip . Nganti dewa kang nalika
semana wingwrin kang sarta tintrim nyawang kasudirane pun kakang , awit saka
lega-legawaning penggalih Bathara Indra , pun kakang pinaringan widadari telu cacahe. Kowe eling yaaa, kowe rak melu
ngrasakke nikmat mupangate ta hemm??!! Siji Bathari Antari tak pek bojo, angka
loro Bathari Kiswani bojomu, tak kekke kowe, yen aku malak tak pek dhewe . Yen
aku malak tak pek dhewe , ning aku eling duwe adhi jenenge Kumbakarno, nadyan
wujudmu kaya buaaroongan , kowe dak rabekake entuk widadari ayu. Yen kowe
manungsa sing genep panca driyamu kudu matur nuwun karo aku, malah semu mulang!!
. Angka telu Bathari Triwati tak paringake Gunawan . Angkara murkaku saben wong
wadon tak gandrungi, titi mangsa aku duwe Sinta iki dadia tamba mari nggonku
lara branta . Karepku Sinta ana Ngalengka Diraja dadia srana ngendhakake
angkara murka kang wis pirang-pirang taun dak tindakake nganti dhengkleh-dhengkleh
kaya ngene iki. Kowe ngerti ?”
Kumbokarno : “Iya,
nanging.....”
Dasamuka : “Nanging piyeeee??”
Kumbokarno : “Kaka
Prabu mau wis kepareng dhawuh wenang dhaup widadari . Ing atase manungsa bisa
dhaup kalawan widadri tegese manungsa
pinunjul , dadi upamane kaka prabu ora kepareng ngrusak pager ayu , mangka
kepingin nggarwa widadari maneh kiraku kasembadan tur bakal pinaringan
kanugrahan dening dewa ora nglarati atine liyan, ora nyangsarakake uripe liyan,
nanging kaka prabu keturutan apa
gegayuhane kang sarta bisa ngrasakake nikmat mupangat”.
Dasamuka : “Cukup, cukuuuuuuuup!!!! Cukup.....
mangap cangkemu yaaa!!! Menga kaya guwa , buta kurang badhogan, piyeeeeeee!!!!,
heeemmmm . Kowe ngarani yen ta aku kok primakake rabi widadari bisa, mesthi
bisa, ora mung pun kakang dhewe, nyatane pun kakang sembada ngrabekake kowe lan
adhimu Si Gunawan. Nanging telenging rasa aja kok reh nganggo rasamu , rasane Dasamuka dudu rasane
Kumbakarno , nadyan ana widadari sewu adhampyak-dhampyak padha ngejawantah, pun
kakang ora kepengin ngliriiiiiik, jagad iki wis kelangan wong ayu , ora ana
wong ayu kejaba amung Sinta. Sinta kuwi manggone ana nyawane Dasamuka,
hemmm.....Yen Sinta musnah Dasamuka punah . Kowe ngerti.....?”
Kumbakarno : “Ya
wis , yen ngono kaka prabu ora prelu nggresula, perkara kobonge kraton
Ngalengka Diraja kang mengkono mapan wis dadi totohane . Manungsa kang kepengin
menek dhuwur kudu wani tiba kanteb !!”
Dasamuka : “Gene kowe
bisa celathu, hemmm....Kunjana kowe ya.....??? Kowe kunjana , hemm....”.
Kumbakarno : “Iya....”.
Dasamuka : “Kunjana
kowe !! Kowe bisa ngucap “Sapa kang
kepengin menek dhuwur kudu wani tiba kanteb” Pun kakang wani tiba kanteb ,
kamulyan, kanikmat kamukten negara Ngalengka Diraja kowe kabeh padha ngrasakna,
padha nyandhanga, padha turua kepenak , padha mangana sing enak nanging mengko
ana sengsarane bebenduning dewa apa dene kanepsone Rama Regawa cukup
Dasamuka, liyane aja padha mbelani
.......”
................Tan pantara ratri, amung
cipta pukulun.........
Dasamuka : “Kowe maju,
ana apa Gunawan, hemmm?”
Gunawan : “Kula
nuwun sewu, ila-ila ing nguni , sinabetna ing ila duni, linepatna sapu
dhendhaning abathara dadosa tulak sarik. Badhe atur kula ing mangke sewu-sewu genging
kalepatan diagung ing pangaksama paduka kanjeng kaka prabu .....”
Dasamuka : “Iyaaahh......Ana
luputmu dak ngapura, hemmm.....Ning kowe aja kaya kakangmu ya, hemmm......Kowe
critaa sedina muput tak rungokke, hemmm..... Kowe ndongenga sewengi wutuuuhh.......tak
mirengke , Kowe gawea andharan pitung dina teruuuuss.....tak gatekke, Kowe
gancara setaun butuuunnn .....tak tanggapi, muuuung.....welinge pun kakang kowe
aja gawe gorehing atiku krana nggone ngogreh-ogreh dedununge Rakyan Sinta ana
Ngalengka Diraja . Yen nganti kowe kaya kadangmu Si Kumbokarno wani angucap
dhasare ngundhamana marang pun kakang padha karo kowe duwe panguwasa ngungkuli
pun kakaaaaang.....!!”
Wibisono : “Dhuh,
dhuh kaka prabu.....Saderengipun kawedal atur kula, kala wau kula sampun matur sewu-sewu
gunging kalepatan diagung pangaksama paduka......”.
Dasamuka : “Aku wis mangsuli
“Ana luputmu dak ngapuraaaaa.......!!!”
Wibisono : “Mangka
menggah sayektosipun ingkang badhe katur ing ngarsa paduka kaka prabu menika
boten sanes inggih magepokan kaliyan dedunungipun Rekyan Sinta wonten ing Taman
Arga Soka kadhaton Ngalengka Diraja” .
Dasamuka : “Lha iya,
kowe rak melu nguwatke ta, kowe melu seneng, kowe melu nguwatke , kowe melu
ngukuhke, kowe melu ngreksa ketentremane, kowe melu angayomi, kowe melu njaga
kiwa tengene kang sarta kowe melu gawe keslametane Sinta, ngonooo?!!”
Wibisono : “Kaka
prabu, senadyan anggen kula badhe angrakit ukara mangke benten lan kakang mas
Kumbokarno , nanging deleging suraos mbokmenawi inggih namung sami .....!!!”
Dasamuka : “Wo ngono,
upamane priye?”
Wibisono : “Miturut
gothek , ujare para dwija , pangandikane para brahmana , sabdane para muni ,
wasitane para dewa, tuwin gumyak gumarenggenging para tetiyang saindhenging
bawana sami mratelakaken bilih Rama Regawa menika satunggaling titah
panjalmaning Sang Hyang Wisnu jawata ingkang
wenang andum kabahagyan !!”
Dasamuka : “Wo ngono?
Trus aku ra kena kepriyee?”
Wibisono : “Para titah , idheping tekad mbokmenawi boten wonten sanes
namung panembah tunggal kajawi namung dhateng ingkang amurba wisesa jagad tuwin
dhateng utusane dewa inggih menika Sang Hyang Wisnu . Sang Hyang Wisnu
prajuriting para dewa, Sang Hyang Wisnu senapatining para dewa, Sang Hyang
Wisnu pandheganing para dewa, tuwin Sang Hyang Wisnu dewa dewataning adil,
ingkang anggadhahi wewenang angadili sinten kemawon ingkang pantes anampi adil
. Menawi kaka prabu anjarag dedosan,
menika menapa boten ajrih dening sesikuning Sang Hyang Wisnu , ingkang
tansah tumingal dhateng pakarti miwah tumindaking sagung tumitah . Boten
ngemungkaken ingkang sipat manungsa senajan kutu-kutu walang ataga ingkang
kumrembyah, kumlawe, rumangkang miwah gumremet sadaya sampun kawuningan dening
panguwaosipun Sang Hyang Wisnu . Menawi Sang Hyang Wisnu ngantos kalajengaken
anggenipun bramantya agening deduka boten ngemungaken dhateng salira paduka
kaka prabu piyambak , nanging boten wurung para kadang ingkang boten sumerep
kenthang kimpule lelaampahan purun boten purun kedah ngraosaken kasempyoking
aradan awit saking pakartining kanjeng kaka prabu!!
Dasamuka : Woo, ngono? Kowe ngucap , yen ta Rama pangejawantahe Sang Hyang
Wisnu kang wenang andum kabahagyan . Yen kowe ngerti sing jenenge bahagya ki
piye ?”
Wibisono : “Bahagya menika katentremaning lair –batos”
Dasamuka : “Ngono.....!!! Kowe ngerti uripe Rama Regawa ana alas kuwi
tentrem apa ora, hemm.... yen pancen nyata-nyata dheweke titising Sang Hyang
Wisnu geneya nganti lena , yen nganti nyata-nyata panjenengane Sang Hyang Suman
kang ngejawantah geneya bojone dicolong uwong kok dheweke ora weruuuh.....!!!
Gene nganggo dhasar pirang-pirang perkara kang dak kandhakake mau mokal yen ta
Si Rama mau titising Wisnu. Upamane titising Wisnu aku ya ora wedi, kuwi upamane . Bab angka
loro, yen ta nganti ana bramantyane Sang Hyang Wisnu kang wus salira Rama
Regawa kuwi kandhamu wong kang jirih ing getih wedi matiiii.....tan wurunga ora
ngemungake pun kakang kang kasempyoking dedosan nanging gelem ora gelem para
kadang kabeh kasempyoking aradan padha melu nampa pidanane Sang Hyang Wisnu.
Upamane ngono saiki tak takoni “Urip bebrayan mau ibarate kaya apa ?” Wong urip bebrayan luwih-luwih Ngalengka Diraja ki bebrayan gedhe , bebrayan
agung ngibarate kayadene mina kang urip ana ing balumbang, yen banyune
balumbang panas , kabeh kudu gelem ngrasakake panas. Yen banyune adhem kabeh kudu ngrasakake segeer
katentremane Ngalengka Diraja kowe melu ngrasakake wibawa ngglenggem , mathem ,
marem, wis rumangsa jenjem nanging geneya durung karuwan ana bebaya lagi ana
gelagat kang ora kepenak kowe wis jirih. Nganti kowe njulukake Regawa nganti
tekan ngawiyat, pun kakang rumangsa kok-asorake drajade katimbang Si Rama
Regawa . Kaya ngono mau kowe kuwi menungsa apa sato, hemmm...?!! Kowe ngerti
sona, sing gawene njegog. Sona kae yen rina wengi dipakani kalawan sing makani
ora tau lali malah saya kandel katresnane , nanging geneya kowe kuwi manungsa
tur kulit dagingku, kowe kuwi warisku nanging kena ngapa ana glagat-glagat kang
durung cetha bakal rusake Ngalengka Diraja wis duwe cara-cara kang sarta cak-cakan
kowe ngendhakake pun kakang , cukup iki wae, aja kok pindho, hemm...!! “
Wibisono : “Kaka Prabu, inggih kula menika upami dipunetang saking umur
dereng sepintena , menawi dipunurut saking silsilah kula menika ragil pinanggih
enem. Nanging menawi kula ngengeti satungggaling satriya menika kula kinten
boten wonten awonipun kula kedah mastani satunggaling prakawis ingkang nyata,
ingkang leres inggih kula ucapaken leres, ingkang lepat inggih kula ucapaken
lepat”
Dasamuka : “Bener, kowe satriya lha sing kok kandhakke bener sapa, sing kok
ucapke luput sapa ?”
Wibisono : “Inggih menawi kaka prabu puguh santosaning penggalih boten
saged kula endhakaken srana atur ingkang sanget angrerepa menika tegesipun kaka
prabu menika angemaha mapan panggenan ingkang kula raos lepat “
Dasamuka : “Wis muni meneh!!”
Wibisono : “Kanjeng kaka prabu menika anemaha mapan panggenan ingkang lepat , nyatanipun mokal ta kaka
prabu kok boten ngertos ing reh angger-angger , mokal paduka ngantos sumingkir
ing reh bebener, ewadene nadyan atur kula wau kados bethet sewu andum
memangsan, parandene saklimah boten kadhahar kaka prabu, nanging senajan
makatena kula tetep boten badhe mendha menawi taksih kapareng sowan ing ngarsa
paduka badhe ngginakaken sewu cara miwah sewu srana anggen kulabadhe ngengetaken klintune penggalih kaka prabu
sampun ngantos kedlarung-dlarung . Jer para winasis sampun nate paring
wewangson ungelipun makaten : “Manungsa aja anggung maciya-ciya , Sang Hyang
jagad Pratingkah tan kena tinagih , sapa kang mbibiti ala ing kono wahyune
sirna ..........”
...........Dhadha
muntab lir kinetap, duka yayah
sinipi.....
Dasamuka : “Gunawan!!!! Sepet mripatku aku nyawang kowe , jengkel rasaku
nyumurupi kowe , nadyan kowe kulit dagingku , nadyan kowe sedulurku tunggal
rama ibu, nanging tumrape Dasamuka kowe dadi kliliiip.......Ora ngerti tinemune
bareng kowe uwis saya tuwa bebasane satru munggweng cangklakan ora ngrewangi
murih mareme pun kakang nanging malah ngogreh-ogreh katentremane pun kakang . Wiwit ing dina
kalungguhan iki wis dadi karampungane yen ta jeneng ingsun ora kepengin
nyumurupi Si Gunawan kudu minggat saka Ngalengka Diraja . Ora ndadak nganggo tak
wangeni pirang kedhepan netra yen ta mengko sedhela maneh kowe ora minggat saka
Ngalengka Diraja, bakal tak pagas gulumu
kowe........!!!!”
...............................................................
Indrajid :
“Oh dewaji, dewaji sumendhal raosing manah kula.......”
Dasamuka : “Jiid....arep
ngapa kowe, nangis, cingeng kaya bocah, jejeg sisan kowe!!! “
Indrajid :
“Boten kula kok rebah-rebah pisang awit saking aturipun Paman Gunawan , nanging
wonten ing petang , kula radi tumut ngleresaken , jer nyatanipun paduka menika
badhe menapa kewala saged kasembadan , namung saprekawis sampun ngantos angrisak pager ayu kemawon, aturipun Paman
Gunawan ingkang samanten kathahipun boten tinampi kanthi leganing penggalih malah
anuwuhaken dedukaning paduka. Rama dewaji kula nyuwun pangapunten, keparengan
animbali pun Paman Gunawan malih supados kepareng seba ing negari Ngalengka Diraja!”
Dasamuka : “Huuss!!.....srenggala kowe ya!!!
Srenggala kowe!!! Wraha yaa!!! Kumbokarno!!,
bener ora aku??”
Kumbokarno :
“Luput!!!”
Dasamuka :
“Huusss!! Piye, kowe wani ngluputke aku dhasare apa?”
Kumbokarno :
“Iya, yen dirasa aku luput nggonku matur , ana pidanane kaka prabu, upamane
ditugel guluku aku sendika nglakoni , jer kiraku ora dadi alangan apa-pa yen
kaka prabu kepareng nugel gulune Kumbokarno , wong nyatane wewenang Ngalengka
Diraja sawutuhe ana astane kaka prabu , mung yen padha-padha ngelingi .....”
Dasamuka :
“Ngelingi apa ?”
Kumbokarno :
“Negara Ngalengka Diraja tinggalane kanjeng eyang Sumaliraja , marang kanjeng
ibu Dewi Sukesi . Angka loro yen ta kaka prabu ngelingi, aku lan kaka prabu
putrane pandhita linuwih yaiku kanjeng rama Begawan Wisrawa , ora mung pandhita
lumrah, nanging raja pinandhita nyatane tau jumeneng narendra ing negara
Lokapala . Kanjeng eyang Sumaliraja nggone tilar kamukten negara Ngalengka
Diraja biyen ora mung mligi pinaringake tunggal marang kaka prabu, nanging aku
isih eling yen ta negara Ngalengka Diraja , kanikmatane negara Ngalengka Diraja
ora mung kagem paduka piyambak nanging kudu warata marang kabeh para kadang
kadeyan. Mbuh sapra pirane, mbuh akeh mbuh sithik, mbuk gedhe mbuh cilik
Gunawan iku satriya Ngalengka Diraja uga anduweni wewenang anane Ngalengka Diraja
geneya kaka prabu bareng ora kecocokan ing penggalih , kok cuthat kaya wrejid
cacing , kok getak kaya kidang menjangan , kok gesah kaya manuk , wooo.... lha
aku sing melu ora lila , kaka prabu......”
Dasamuka :
“Piyeeee!! Sing gawe prenatan Ngalengka Diraja biyen sapa?”
Kumbokarno :
“Kabeh para kadang biyen padha tapak asta!”
Dasamuka :
“Surasane priye?!!”
Kumbokarno :
“Iyaa, kabeh para kadang padha tapak asta , surasane sapa wae ora mawas sanak
kadang pawong mitra, kulawarga kang adoh - kang cedhak ingkang coba-coba wani marang panguwasane ratu
Ngalengka Diraja, luwih-luwih wani angendhake kekarepane kaka prabu ora diaku
kulawarga Ngalengka Diraja” .
Dasamuka :
“Kowe kelingan ? Kowe eling?”
Kumbokarno :
“Iyaa, mung karepku ora kuwi....”.
Dasamuka :
“Piye? “
Kumbokarno :
“Pranatan kang padha ditapak astani jaman kae, rumangsaku kaka prabu kuwi
tindake metu garis-garise kautaman. Ora ngawruhi yen ta jebul kabeh mau singlar
saka kautaman . rehne kaka prabu wus wantala nundhung Gunawan saka Ngalengka Diraja
kang nyatane ora luput, ora wurunga yen ta aku kesuwen ngadhep bakal kesempyok
ing aradan nadyan aku ora luput , bakal kok anggep dosa, gunane apa kesuwen aku
ngadhep ana ngarsane kaka prabu. Lilanana aku pamit, mbuh ana kedadean apa
Ngalengka Diraja Kumbokarno ora bakal cawe-cawe......”
Dasamuka :
“Minggataa Ibliiss!!”
.....................................................................
Prahastha :
“Angger-angger gusti kula ingkang sinuwun, Ngger....”.
Dasamuka :
“Paman Prahastha kaya bocah, dleweran ngoten niku wonten napa, hemmm? Sampeyan
niku wis gerang , wus tuwaa!!! Cingeng.....!!! Adol welas, nangis luhe ting
dlewerr, mbelani anak sampeyan loro wau nggih?!! Mbelani anak loro Kumbokarno
kalih Gunawan?”
Prahastha :
“Inggih, nadyan kados pundi kula namung wonten sahandhap panguwaos paduka
ingkang sinuwun , namung dipun-lepataken menawi kula boten sawetawis asung
pepenget dhateng paduka angger ....”
Dasamuka :
“Inggih pripun ?”
Prahastha : “Kalih-kalih badhe pinanggih ,
menawi kula ngakeni satunggaling patih inggih sampun samenthinipun kedah
ngengetaken dhateng kelimputipun ratu gustinipun , menawi kula ngengeti
satunggaling bapa paman paduka ugi boten lepat menawi kedah ngengetaken dhateng
badhe kelimputing anak – kepenakan kula....”
Dasamuka : “Nggiiih.....rong
perkara kula tampa, sampeyan ngucap sawijining patih inggiih, sampeyan ngaku
pak cilik inggiiiihh, mapan kepara nyata !”
Prahastha : “Wonten
ungel-ungelan makaten “Rukun gawe santosa, yen crah gawe bubrah” kula boten
nginten bilih lelampahan menika dumadosipun rinten dalu namung daredah
samadyaning kulawarga, labet saking gesehing pemanggih paduka kaliyan
pamanggihipun para kadang-kadang paduka anak kula Kumbokarno menapa dene penakan
kula pun Gunawan. Gelagat ingkang makaten wau benjing badhe awoh menapa ?”
Indrajid :
“Inggih kanjeng dewaji, kaluruhan timbalanipun kanjeng eyang Patih Prahastha ,
ngibaratipun menika tatu dereng kelajeng
lebet , maksih gampil tinambal dening pambudi daya , menapa boten tumunten
samukawis ingkang sampun kadhawuhaken wau kajabela wangsul , boten perlu paduka
tega dhateng paman Gunawan menapa dene paman Kumbokarno....”
Dasamuka : “Kowe
bayi tak keplak kowe ya, hem. Bayi nuturi bapakmu , kowe kuwi dha isa ngapa .
Dadi yen bapakmu dawa umure ki kowe dha ra seneng ta? Aku ki bisa golek wong
ayu liyane Sinta, yen cocokku perkara kuwi njur kepriye?”
Indrajid :
“Menika nate winengku dening Sang Regawa laminipun kalih welas tahun....”
Dasamuka : “Rolas
tahun ya ben.....Loro-loro gati , telu-telune ngemor , tegese..... coba aku
kepengin leladi marang paningalku nyawang sawijining kaendahan , kepengin
maremake rasaku nyawang sawijining wanodya
ingkang kebak ing rasa susila lan kebegan ing rasa budaya , katelune,
Jiiiiiiiiiiiid!!”
Indrajid :
“Nun, ....wonten dhawuh....”.
Dasamuka : “Tututana
pamanmu Gunawan . Cara priye, srana apa
lan budidaya sing endi kang bakal kok tandukake marang pamanmu , supaya pamanmu
ora sida lunga saka Ngalengka Diraja , nanging kanthi janji yen pinuju sowan
ana ngabyantaraningsun aja nganti rembugan lan merekake dedunungane Sinta ana
Ngalengka Diraja ..................................................... “
Tidak ada komentar:
Posting Komentar