Sesanti

Sesanti

Kamis, 19 Desember 2013

CAMPURSARI





Campursari mujudake lelagon Jawa kang ngemot maneka warna jenis musik. Wujuding lagu kang bisa dicampursarekake antarane: lagu dolanan, langgam, bawa macapat, bawa tembang gedhe, sekar gendhing, bawa, umpak-umpak, lagu pop, keroncong, dhangdhut, lagu manca, lan liya-liyane. Instrumen kang kanggo ngiringi campursari mujudake gabungan antarane pentatonis lan diatonis. Saka instrument pentatonis/ gamelan antarane: Kendhang, gender, slenthem, gong, demung, saron, siter, suling. Dene saka instrument diatonis antarane : Organ, key board, gitar, bas guitar, biola, drum, ukulele, lan sapanunggalane. Kekarone sawise digarap lan dilaras nadane bisa dianggo bebarengan kanthi trep lan harmoni.
            Embrio musik campursari satemene wis wiwit ana ing tahun 60-an. Waljinah (Ratu Walang Kekek, penyanyi langgam keroncong saka Sala), Ki Narto Sabdo saka Semarang (Dhalang kang uga pangripta gendhing) Mus Mulyadi (Penyanyi langgam, kroncong, pop Jawa) nduweni andil gedhe tumrap mekaring embrio campursari. Ing taun 1990-an Anto Sugiyarto (Mantho’us) lan Harjana (adhik Mantho’us) seniman saka Gunung Kidul ngenalake musik campursari gagrag anyar nalika iku Mantho’us nandhesake menawa manunggaling unsur pentatonis lan diatonis ana ing musik campursari ora mung waton nyampur, nanging anggone nyampur unsur musik kekarone kudu bener lan pener. Senajan campursari mujudake gabungan unsur pentatonis lan diatonis nanging campursari iku dudu keroncong, dudu karawitan, dudu langgam, dudu dhangdhut, lan dudu pop musik campursari ya musik campursari. Keadiluhungan musik campursari pinangka musik kreasi saka pengembangan musik tradisi Jawa bisa dititik saka: pola sajian musik, pola garap, lan kostume para musisi apadene wiraswara lan swarawatine (penyanyi). Tahun 1993 Mantho’us ngedegake CSGK(Campursari Gunungkidul) Maju Lancar lan ngasilake rekaman campursari kang kanyata bisa ditampa dening masyarakat nganti tuwuh ngrembaka engga seprene lan banjur tuwuh penyanyi-penyanyi campursari kayata: Anik Sunyahni, Cak Diqin, Didi Kempot, Nur Hana, Minul, Lasmini, Edy Laras, Suteja, Indah Saraswati, Soimah Pancawati, lan liya-liyane kang ngeblat CSGK. Mula ora jeneng aneh menawa Mantho’us antuk sebutan Sang Maestro Campursari.
            Paraga kang nglagokake campursari diarani wiraswara (kakung) utawa swarawati(wanita). Anggone nglagokake mardika (bebas) lire bisa kanthi lungguh, ngadeg, bisa diselingi omong-omongan, sing baku seneng gumyak lan nges swasanane. Mula campursari bisa lumebu ing adegan limbukan lan gara-gara (wayang kulit), kethoprak, dhagelan, lan liya-liyane.
Wujud Campursari
  1. Lelagon Campursari     : Gethuk, Tamba Ati, Nonong, Randha Kempling, Cocak Rawa, Mbah Dhukun, Stasiun Balapan, Sewu Kutha, Reformasi, lsp.
  2. Lelagon Dolanan Campursari  : Turi-turi Putih, Suwe Ora Jamu, Buta galak, Jamuran, Iris-irisan Tela, Ilir-ilir, Ayo Praon, Swara Suling, lsp.
  3. Sekar Gendhing : Ela-Ela Gandrung, Perkutut Manggung, Ayun-ayun, Sinom Parijatha, Pangkur, Ayak-ayakan Pamungkas, Umbul Donga, lsp.
  4. Macapat Campursari : Asmaradana, Sinom, Dhandhanggula Turu Lare, Mijil Kethoprakan, Pocung Kagok Ketanon, Pangkur Ngimpi, lsp.
  5. Langgam Campursari : Nyidham Sari, Setya Tuhu, Yen Ing Tawang, Kelinci Ucul, Petis Manis, Ngimpi, Luntur, Jenang Gula, Caping Gunung,Petis Manis, lsp.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar