Sesanti

Sesanti

Minggu, 29 Desember 2013

SINOM



SINOM SIGRA KANG BALA TUMINGAL

Sigra kang bala tumingal,
acampuh samya medali,
lwir thathit wileding ganda,
dhanghyang gung manguncang niti,
bénjang Sang aji mijil,
lathinya medali wuwus,
trustha sura wilaga,
kaya buta singa wregil,
pasthi jangga dhendhanya mangambak baya.

Cakepan Uran-uran / Tembang Sinom  kasebut kagubah saka Serat Aji Pamasa, anggitane R. Ng. Ranggawarsita. Asline   ana patang pada. Ing saben sapada kajupuk rong gatra. Dene pada kang angka papat kajupuk telung  gatra,. Cethane mangkene :
  1. SIGRA KANG BALA TUMINGAL, ACAMPUH SAMYA MEDALI, liwêran mungsuh lang rowang, rame rok asilih ungkih, sumrêg sinrêg makangsi, kasok kasantikanipun, wêkasan kawisesa, raksasa bala angisis, tanpa kawal kêkiwul wuwul kewala.
  2. Sigra Si Kalasuwidha, amasang kamayan sari, LWIR THATHIT WILEDING GANDA, DHANGHYANG GUNG MANGUNCANG NITI, tumamèng mungsuh sami, sêmang-sêmang asmu samun, samantara katoran, kang tyas sanityasa tistis, lwir kakênan ing guna turidasmara.
  3. Marpêk Sang Kalasuwidha, sarywangling angêngerangi, pagene wadyèng Mamênang, têka kapinêngan sami, BENJANG SANG AJI MIJIL, LATHINYA MEDALI WUWUS, dêduka marang sira, ingaran wong tuna budi, dhêstun têmên tan bisa mungkasi karya.
  4. Katon cabaring dinuta, angapêsakên ing gusti, pae duk lagi wiwitan, tandangmu anggêgilani, pantês manggalèng jurit, nirbaya nirwikaramuk, TRUSTHA SURA WILAGA, KAYA BUTA SINGA WREGIL, PASTHI JANGGA DHENDHANYA MANGAMBAK BAYA.
           Tembang patang pada kasebut isine :  Nyaritakake nalika wadyabalane Prabu Ajipamasa ing Mamenang perang lumawan wadyabala buta , wadyabalane Resi Kala Suwida, bareng wadyabala buta kasoran mula Resi Kalasuwida banjur namakake aji kamayan sari tumanduk marang wadyabala ing Mamenang sanalika sirna budine banjur ora bisa micara mung padha mesam-mesem karo grenengan swarane kaya angungrum marang wong wadon.
Wondene  tembang Sinom SIGRA KANG BALA TUMINGAL sapada kang kerep digunakkae ing suluk pedhalangan ( ada-ada, jaranan/budhalan, lsp) iku gandheng   kajupuk  saka perangan-perangan tembang Sinom kang cacahe ana papat mau, mula iya rada kecipuhan angggone nggoleki surasane tembang  Sinom “SIGRA KANG BALA TUMINGAL” mau. Mboknemawa para sutresna kang luwih pana ing babagan iki bakal medhar surasane tembang mau kasumanggakake.
Nganti seprene uga durung kawruhan kapan lan  sapa satemene sing ada-ada nggubah  utawa yasa tembang Sinom patang pada dadi sapada kasebut. Ana ing pamulangan tembang kasebut kanggo cangkriman aksara Jawa.
SUMBER WAOSAN
Candrakanta, 1902-09, #1802. Koran, Majalah dan Jurnal | Candrakanta #
Sêkar-sêkaran, Padmasusastra, 1898
Kalawarti Mekarsari 1980

1 komentar:

  1. Maturnuwun , seratan ingkang sae ugi mimbuhing pangertosan.
    Keparenge kula ndherek bage andum seratanipun.
    Maturnuwun
    Rahayu sagung dumadi

    BalasHapus