Sesanti

Sesanti

Minggu, 22 Desember 2013

SERAT WULANG REH






I. Dhandhanggula

1  Pamedhare  wasitaning  ati, cumanthaka  aniru  pujangga,  dhat  mudha  ing batine,  nanging kedah ginunggung, datan wruh yen akeh ngesemi, ameksa angrumpaka, basa kang kalantur, tutur kang katula-tula, tinalaten rinuruh kalawan, ririh, mrih padhanging sasmita.
2  Sasmitaning  ngaurip puniki, mapan ewuh yen ora weruha, tan jumeneng ing uripe, akeh kang  ngaku-aku,  pangrasane  sampun  udani,  tur  durung  wruh  ing  rasa,  rasa  kang  satuhu, rasaning rasa punika, upayanen darapon sampurna ugi, ing kauripanira.
3  Jroning Kuran nggoning rasa yekti, nanging ta pilih ingkang uninga, kajaba lawan tuduhe, nora kena denawur, ing satemah nora pinanggih, mundhak katalanjukan, temah sasar susur, yen sira ayun waskitha, sampurnane ing badanira puniki, sira anggugurua.
4  Nanging yen sira ngguguru kaki, amiliha manungsa kang nyata, ingkang becik martabate, sarta kang wruh ing kukum, kang ngibadah lan kang wirangi, sokur oleh wong tapa, ingkang wus amungkul, tan mikir pawewehing liyan, iku pantes sira guronana, sartana kawruhana.
5 Lamun ana wong micareng ngelmi, tan mupakat ing patang prakara, aja sira age-age, anganggep nyatanipun, saringana dipun baresih, limbangen lan kang patang prakara rumuhun, dalil kadis lan ijemak, lan kiyase papat iku salah siji, anaa kang mupakat.
6  Ana uga kena denantepi,  yen ucul saka patang prakara,  nora enak legetane,  tan wurung tinggal  wektu, panganggepe  wus angengkoki,  aja kudu sembahyang,  wus salat katengsun, banjure mbuwang sarengat, batal karam nora nganggo denrawati, bubrah sakehing tata.
7   Angel  temen  ing  jaman  samangkin,  ingkang  pantes  kena  ginuronan,  akeh  wong  jaja ngelmune,  lan arang ingkang manut, yen wong ngelmu ingkang netepi, ing panggawening sarak denarani luput, nanging ta asesenengan,  nora kena den wor kakarepaneki,  papancene priyangga.
8 Ingkang lumrah ing mangsa puniki, mapan guru ingkang golek sabat, tuhu kuwalik karepe, kang wus lumrah karuhun, jaman kuna mapan si murid, ingkang padha ngupaya, kudu angguguru, ing mengko iki ta nora, kyai guru naruthuk ngupaya murid, dadya kanthinira.

II. Kinanthi
1 Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrip lantip, aja pije mangan nendra, ing kaprawiran den kesthi, penunen sarinira sudanen dhahar lan guling.
2  Dadia lakunireku, cegah dhahar lawan guling, lan aja sukan-sukan, anganggoa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.
3  Yen wis tinitah wong agung, aja sira nggunggung dhiri, aja leket lan wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak, satemah anunulari.
4  Nadyan asor wijilipun, yen kalakuane becik, utawa sugih carita, carita kang dadi misil, iku pantes raketana, darapin mundhak kang budi.
5  Yen wong anom pan wis tamtu,  manut marang kang ngadhepi,  yen kang ngadhep  akeh bangsat, datan wurung bisa juti, yen kang ngadhep keh durjana, nora wurung bisa maling.
6 Sanajan ta nora milu, pasthi wruh solahing maling, kaya mangkono sabarang, panggawe ala puniki, sok weruha nuli bisa, yeku panuntuning eblis.
7  Panggawe  becik puniku,  gampang yen wus denlakoni,  angel yen durung kalakyan,  aras- aarasen nglakoni, tur iku denlakonana, mupangati badaneki.
8  Lan wong anom-anom iku, kang kanggo ing mangsa iki, andhap-asor dipunsimpar, umbag gumunggung ing dhiri, obral umuk kang dengulang, kumenthus lawan kumaki.
9  Sapa sira sapa ingsun, angalunyat sarta edir, iku lalabete uga, nonoman adoh wong becik, emoh angrungu carita, carita ala lan becik.
10  Carita pan wus kalaku,  panggawe  ala lan becik,  tindak bener lan kang ora, kalebu  jro cariteki, mulane aran carita, kabeh-kabeh denkawruhi.
11  Mulane wong anom iku, becik ingkang ataberi, jajagongan lan wong wong tuwa, ingkang sugih kojah ugi, kojah iku warna-warna, ana ala ana becik.
12   Ingkang  becik  kojahipun,  sira  anggoa  kang  pasthi,  ingkang  ala  singgahana,  aja  sira anglakoni, lan den awas wong akojah, iya ing mangsa puniki.
13 Akeh wong kang sugih wuwus, nanging densampar pakolih, amung badane priyangga, kang denpakolihken ugi, panastene kang denumbar, tan na nganggo sawatawis.
14 Aja na wong bisa tutur, ngemungna ingsun pribadi, aja na kang amamadha, angrasa pinter pribadi, iku setan nunjang-nunjang, tan pantes dipunpareki.
15  Sikokna den kaya asu, yen wong kang mangkono ugi, dahwen open nora layak, yen sira sandhingan linggih, nora wurung katularan, becik singkarana ugi.
16  Poma-poma  wekasingsun,  mring kang maca layang iki, lahir batin den estokna, saunine layang iki, lan den bekti mring wong tuwa, ing lahir prapta ing batin.

III. Gambuh
1  Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur, tanpa tutur katula-tula katali, kadaluwarsa katutuh, kapatuh pan dadi awon.
2  Aja nganti kabanjur, sabarang polah kang nora jujur, yen kabanjur sayekti kojur tan becik, becik ngupayaa iku, pitutur ingkang sayektos.
3  Pitutur bener iku, sayektine apantes tiniru, nadyan metu saking wong sudra papeki, lamun becik nggone muruk, iku pantes sira anggo.
4 Ana pocapanipun, adiguna adigang adigung, pan adigang kidang adigung pan esthi, adiguna ula iku, telu pisan mati sampyoh.
5 Si kidang umbagipun angandelken kebat lumampatipun pan gajah ngandelaken geng ainggil, ula ngandelaken iku, mandine kalamun nyakot.
6 Iku upamanipun, aja ngandelkaken sira iku, suteng nata iya sapa ingkang wani, iku ambege wong digung, ing wusana dadi asor.
7   Adiguna  puniku,  ngandelaken  kapinteranipun,  samubarang  kabisan  dipundheweki,  sapa pinter kaya ingsun, tuging prana nora injoh.
8  Ambeg adigang iku, ngandelaken ing kasuranipun, para tantang candhala anyanayampahi, tinemenan nora pecus, satemah dadi guguyon.
9  Ing wong urip puniku, aja nganggo ambeg kang tetelu, anganggoa rereh ririh ngati-ati, den kawangwang barang laku, den waskitha solahing wong.
10  Dene katelu iku, si kidang suka ing patinipun,  pan si gajah alena patinereki,  si ula ing patinipun, ngandelken upase mandos.
11 Katelu nora patut, yen tiniru mapan dadi luput, titikane wong anom kurang wawadi, bungah akeh wong anggunggung, wekasane kajalomprong.
12   Yen  wong  anom  puniku,  kakehan  panggunggung  dadi  kumprung,  pengung  bingung wekasane pan angoling, yen dengunggung muncu-muncu, kaya wudun meh mecothot.
13  Ing wong  kang  padha  nggunggung,  pan sepele  iku pamrihipun,  mung  warege  wadhuk kalimising lathi, lan telesing gondhangipun, ruruba alaning uwong.
14 Amrih pareka iku, yen wus kanggep nuli gawe umuk, pan wong akeh sayektine padha wedi, tan wurung tanpa pisungsung, adol sanggup sakehing wong.
15  Yen wong mangkono iku, nora pantes cedhak mring wong agung, nora wurung anuntun panggawe juti, nanging ana pantesipun, wong mangkono didhedheplok.
16  Aja  kakehan  sanggup,  durung  weruh  tuture  angupruk,  tutur  nempil  panganggepe  wruh pribadi, pangrasane keh wong nggunggung, kang wis weruh amalengos.
17 Aja nganggo sireku, kalakuan kang mangkono iku, datan wurung tinitenan dencireni, mring pawong sanak sadulur, nora nana kang pitados.

IV. Pangkur
1  Kang sekar pangkur  winarna,  lalabuhan  kang kanggo wong aurip,  ala lan becik puniku, prayoga  kawruhana,  adat  waton  puniku  dipunkadulu,  miwah  ta ing tatakrama,  denkaesthi siyang ratri.
2   Duduga  lawan  prayoga,  myang  watara  riringa  aywa  lali,  iku  parabot  satuhu,  tan  kena tininggale, tangi lungguh angadeg tuwin lumaku, angucap meneng anendra, duga-duga nora keri.
3 Muwah ing sabarang karya, ing prakara gedhe kalawan cilik, papat iku datan kantun, kanggo sadina-dina, lan ing wengi nagara muwah ing dhusun, kabeh kang padha ambegan, papat iku nora kari.
4  Kalamun ana manungsa, anyinggahi dugi lawan prayogi, iku wateke tan patut awor lawan wong kathah, wong digsura ndaludur tan wruh ing edur, aja sira pedhak-pedhak, nora wurung niniwasi.
5  Mapan wateke manungsa, pan katemu ing laku lawan linggih, solah muna-muninipun, pan dadya panengeran, kang apinter kang bodho miwah kang luhur, kang asor lan kang malarat, tanapi manungsa sugih.
6  Ngulama  miwah  maksiyat,  wong  kang  kendel  tanapi  wong  kang  jirih,  durjana  bobotoh kaum,  lanang  wadon  pan  padha,  panitiking  manungsa  wawatekipun,  apadene  wong  kang nyata, ing pangawruh kang wis pasthi.
7 Tinitik ing solah bawa, muna-muni ing laku lawan linggih, iku panengeran agung, winawas ginrahita,  pramilane  ing  wong  kuna-kuna  iku,  yen  amawas  ing  sujanma,  datan  amindho- gaweni.
8  Ginulang sadina-dina,  wiwekane  mindeng basa basuki, ujubriya kibiripun,  sumungah  tan kanggonan, mung sumendhe ing karsanira Hyang Agung, ujar sirik kang rineksa, kautaman ulah-wadi.
9  Ing mangsa mengko pan arang, kang katemu ing basa kang basuki, ingkang lumrah wong puniku, drengki drohi lan dora, iren meren panasten dahwen kumingsun, doene nora pasaja, jahil muthakil mbesiwit.
10  Alaning  liyan  denandhar,  ing  beciking  liyan  dipunsimpeni,  becike  dhewe  ginunggung, kinarya pasamuwan, nora ngrasa alane dhewe ngendhukur, wong kang mangkono wateknya, nora pantes denpedhaki.
11 Iku wong durbala murka, nora nana mareme ing jro ati, sabarang karepanipun, nadyan wisa katekan, karepane nora marem saya mbanjur, luamah lawan amarah, iku ingkang dentutwuri.
12 Ing sabarang tingkah polah, yen angucap tanapi lamun linggih, sungkan kasor ambegipun, pan lumuh kaungkulan,  ing sujanma  pangrasane  dhewekipun,  pan nora ana kang amadha, angrasa luhur pribadi.
13  Aja nedya  katempelan,  ing wawatek  kang tan pantes  ing budi,  watek  rusuh nora urus, tunggal lawan manungsa, dipun sami karya labuhan kang patut, darapon dadi tuladha, tinuta ing wuri-wuri.
14   Aja  lonyo  lemer  genjah,  angrong-pasanakan  nyumur  gumuling,  ambuntut-arit  puniku, watekan tan raharja, pan wong lonyo nora kena dipunetut, monyar-manyir tan antepan, dene lemeran puniki.
15 Para-penginan tegesnya, genjah iku cecegan barang kardi, angrong-pasanak liripun, remen olah  miruda,  mring  rabine  sedulur  miwah  ing  batur,  mring  sanak  myang  pasanakan,  sok senenga denramuhi.
16  Nyumur gumuling tegesnya,  ambelawan datan duwe wewadi, nora kena rubung-rubung, wewadine  kang wutah, mbuntut-arit  punika pracekanipun,  abener ing pangarepan,  nanging nggarethel ing wuri.
17  Sabarang  kang dipunucap,  nora  wurung  amrih  oleh  pribadi,  iku  labuhan  tan patut,  aja anedya telad, mring watekan nenem prakara puniku, sayogyane ngupayaa, lir mas tumimbul ing warih.

V. Maskumambang
1  Nadyan silih bapa biyung kaki nini, sadulur myang sanak, kalamun muruk tan becik, nora pantes yen dennuta.
2 Apan kaya mangkono watekan iki, sanadyan wong tuwa, yen duwe watek tan becik, miwah tindak tan prayoga.
3  Aja sira niru tindak kang tan becik, nadyan ta wong liya, lamun pamuruke becik, miwah tindake prayoga.
4  Iku pantes sira tirua ta kaki, miwah bapa biyang, kang muruk watek kang becik, iku kaki estokena.
5  Wong  tan  manut  pitutur  wong  tuwa  ugi,  anemu  duraka,  ing  dunya  tumekeng  akir,  tan wurung kasurang-surang.
6 Maratani ing anak putu ing wuri, den padha prayitna, aja na kang kumawani, ing bapa tanapi biyang.
7 Ana uga etang-etangane kaki, lilima sinembah, dununge sawiji-wiji, sembah lilima punika.
8 Ingkang dhingin rama ibu kaping kalih, marang maratuwa, lanang wadon kang kaping tri, ya marang sadulur tuwa.
9 Kaping pate ya marang guru sayekti, sembah kaping lima, ya marang Gustinireki, parincine kawruhana.
10 Pramilane rama ibu denbekteni, kinarya jalaran, anane badan puniki, wineruhken padhang hawa.
11 Uripira pinter samubarange kardi, saking ibu rama, ing batin saking Hyang Widhi, mulane wajib sinembah.
12  Pan kinarsakaken ing Hyang kang linuwih, kinarya lantaran, ana ing dunya puniki, weruh ing becik lan ala.
13  Saking  ibu rama  margane  udani,  mila  maratuwa,  lanang  wadon  denbekteni,  aweh  rasa ingkang nyata.
14  Sajatine rasa kang mencarken wiji, sembah kaping tiga, mring sadulur tuwa ugi, milane sadulur tuwa.
15  Pan  sinembah  gegentine  bapa  iki,  pan  sirnaning  bapa,  sadulur  tuwa  gumanti,  ingkang pantes sira nuta.
16  Ing sawarah wuruke ingkang prayogi, sembah kang kaping pat, ya marang guru sayekti, marmane guru sinembah.
17  Kang  atuduh  marang  sampurnaning  urip,  tumekeng  antaka,  madhangken  petenging  ati, ambenerken marga mulya.
18  Wong duraka ing guru abot pribadi, pramila prayoga, mintaa sih siyang ratri, ywa nganti suda sihira.
19  Kaping  lima  dununge  sembah  puniki,  mring  gusti  kang  murba,  ing pati  kalawan  urip, miwah sandhang lawan pangan.
20 Wong neng dunya wajib manuta ing gusti, lawan dipun awas, sapratingkah dipunesthi, aja dupeh wus awirya.
21  Nora beda putra santana wong cilik, yen padha ngawula, pan kabeh namaning abdi, yen dosa ukume padha.
22  Yen rumangsa putra santana sireki, dadine tyasira, angediraken sireki, tan wurung anemu papa.
23 Ngungasaken yen putra santaneng aji, iku kaki aja, wong suwita nora keni, kudu wruh ing karyanira.
24  Yen tinuduh marang  sang mahanarpati,  sabarang tuduhnya,  iku estokena  ugi, karyanira sumngkemana.
25  Aja  mengeng  ing  parentah  sang  siniwi,  den  pethel  aseba,  aja  malincur  ing  kardi,  aja ngepluk asungkanan.
26   Luwih  ala  alaning  jalma  ngaurip,  wong  ngepluk  sungkanan,  tan  patut  ngawuleng  aji, angengera sapa-sapa.
27    Amilua   ing  bapa  biyung  pribadi,   kalamun   sungkanan,   datan  wurung   densrengeni, milawanana pinala.
28  Mapan kaya mangkono ngawuleng gusti, kalamun leleda, tan wurung manggih bilai, ing wuri aja ngresula.
29  Pan kinarya dhewe bilainireki, lamun tinemenan, sabarang karsaning gusti, lair batin tan suminggah.
30 Mapan ratu tan duwe kadang myang siwi, sanak prasanakan, tanapi garwa kakasih, amung bener agemira.
31  Kukum adil adat watong gang denesthi, mulane ta padha, denrumeksa marang gusti, endi lire wong rumeksa.
32    Dipun   gemi   nastiti   angati-ati,   gemi   mring   kagungan,   ing   gusti   ywa   sira   wani, anggagampang lawan aja.
33   Wani-wani  nuturken  wadining  Gusti,  denbisa  arawat,  ing  wawadi  sang  siniwi,  nastiti barang parentah.
34   Ngati-ati  ing  rina  miwah  ing  wengi,  ing  rumeksanira,  lan  nyadhang  karsaning  gusti, dudukwuluhe atampa.

VI. Dudukwuluh / Megatruh
1  Wong ngawula  ing ratu luwih  pakewuh,  nora kena  minggrang-minggring,  kudu mantep sartanipun, setya tuhu marang gusti, dipunmiturut sapakon.
2  Mapan ratu kinarya wakil Hyang Agung, marentahken hukum adil, pramila wajib denenut, kang sapa tan manut ugi, mring parentahe sang katong.
3 Aprasasat mbadal ing karsa Hyang Agung, mulane babo wong urip, saparsa ngawuleng ratu, kudu eklas lair batin, aja nganti nemu ewuh.
4  Ing wurine yen ati durung tuwajuh, angur ta aja angabdi, becik ngindhunga  karuhun, aja age-age ngabdi, yen durung eklas ing batos.
5 Angur angindhunga bae nora ewuh, lan nora nana kang ngiri, mung mungkul pakaryanipun, nora susah tungguk kemit, seba mapan nora nganggo.
6 Mung yen ana tontonan nonton neng lurung, glindhang-glindhung tanpa keris, sarwi mbanda tanganipun, kemul bebede sasisih, andhodhok pinggiring bango.
7  Suparandene jroning tyas anglir tumenggung, mangku bawat Senen Kemis, mangkono iku liripun, nora kaya wong angabdi, wruh ing palataran katong.
8 Lan keringan sarta ana aranipun, lan ana lungguhe ugi, ing salungguh-lungguhipun, nanging ta dipunpakeling, mulane pinardi kang wong.
9  Samubarang ing karsanira sang ratu, sayekti kudu nglakoni, sapalakartine iku, wong kang padha-padha ngabdi, pagaweane pan saos.
10 Kang nyantana bupati mantri panewu, kaliwon paneket miji, panalawe lan panajung, tanapi para prajurit, lan kang nambutkaryaeng katong.
11   Kabeh  iku  kuwajiban  sebanipun,  ing  dina  kang  amarengi,  ing  wiyosira  sang  prabu, sanadyan tan miyos ugi, pasebane aja towong.
12 Ingkang lumrah yen kerep seba wong iku, nuli ganjaran denincih, yen tan oleh nuli mutung, iku sewu-sewu sisip, yen wus mangarti ingkang wong.
13  Tan mangkono  etunge kang sampun weruh, mapan ta datan denpikir,  ganjaran pan wis karuhun, amung naur sihing gusti, winales ing lair batos.
14 Setya tuhu saparentahe pan manut, ywa enggana karseng gusti, wong ngawula pamanipun, lir sarah munggeng jaladri, darma lumaku sapakon.
15  Dene  begja  cilaka  utawa  luhur,  asor  iku  pan  wis  pasthi,  ana  ing  badanireku,  aja  sok anguring-uring, marang gusti sang akatong.
16 Mundhak ngakehaken ing luputireku, mring gusti tuwin Hyang Widhi, dene ta sabeneripun, mupusa kalamun pasthi, ing badan tan kena menggok.
17 Tulisane ing lokil-makful rumuhun, papancer sawiji-wiji, tan kena owah sarambut, tulising badan puniki, aja na mundur pakewuh.

VII. Durma
1   Dipunsami  ambanting  sariranira,  cegah  dhahar  lan  guling,  darapon  sudaa,  nepsu  kang ngambra-ambra, rerema ing tyasireki, dadi sabarang, karsanira lestari.
2  Ing pangawruh  lair batin aja mamang,  yen sira wus udani, ing sariranira,  yen ana kang amurba, misesa ing alam kabir, dadi sabarang, pakaryanira ugi.
3  Bener luput ala becik lawan begja, cilaka mapan saking, ing badan priyangga, dudu saking wong liya, pramila denngati-ati, sakeh durgama, singgahana den eling.
4  Mapan  ana  sisiku  telung  prakara,  nanging  gesae  pribadi,  pan  iki  lirira,  ingkang  telung prakara, aja anggunggung sireki, kalawan aja, nacad kapati-pati.
5  Lawan aja mamaoni barang karya, thik-ithik mamaoni, samubarang polah, tan kena wong kumlebat, ing mangsa mengko puniki, mapan wus lumrah, padha wasis maoni.
6  Mung tindake dhewe nora winaonan, ngrasa bener pribadi, sanadyan benera, yen tindake wong liya, pesthine ingaran sisip, iku kang lumrah, nganggo bener pribadi.
7 Nora nana panggawe kang luwih gampang, kaya wong memaoni, sira ling-elinga, aja sugih waonan, den samya raharjeng budi, ingkang prayoga, singa-singa kang lali.
8  Ingkang eling angelingena ya marang, sanak kanca kang lali, dennedya raharja, mangkana tindakira, yen datan kaduga uwis, teka menenga, aja sok angrasani.
9 Nemu dosa anyela sapadha-padha, dene wong ngalem gugi, yen durung tetela, ing beciking manungsa, aja age nggunggung kaki, menek tan nyata, dadi cirinireki.
10  Dene ingkang kaprah ing mangsa samangkya, yen ana densenengi,  ing pangalemira, pan kongsi pandirangan, matane kongsi mandelik, nadyan alaa, ginunggung becik ugi.
11  Aja  ngalem  aja  mada  lamun  bisa,  yen  uga  jaman  mangkin,  iya  samubarang,  yen  ora sinenengan, denpoyok kapati-kati, nora prasaja, sabarang kang denpikir.
12  Ngandhut rukun becik ngarepan kewala, ing wuri angrasani, ingkang ora-ora, kabeh kang rinasan, ala becik denrasani, tan parah-parah, wirangronge gumanti.

VIII. Wirangrong
1  Densamya marsudeng budi, wiweka dipunwaspaos, aja dumeh dumeh bisa muwus, yen tan pantes ugi, sanadyan mung sakecap, yen tan pantes prenahira.
2  Kudu golek mangsa  ugi, panggonan  lamun miraos,  lawan aja age sira muwus,  dununge denkesthi, aja age kawedal, yen durung pantes rowangnya.
3  Rowang  sapocapan  ugi, kang pantes  ngajak  calathon,  aja sok metua  wong  calathu,  ana pantes ugi, rinungu mring wong kathah, ana satengah micara.
4  Tan  pantes  akeh  ngawruhi,  mulane  lamun  miraos,  dipunngarah-arah  ywa  kabanjur,  yen sampun kawijil, tan kena tinututan, mulane dipunprayitna.
5  Lan maninge wong ngaurip, aja ngakehken supaos, iku kagwe reged badanipun, nanging mangsa mangkin, tan na etung prakara, supata ginawe dinan.
6  Denpadha gemi ing lathi, aja ngakehken pipisoh, cacah-cucah srengen ngabul-abul, lamun andukani, dendumeling dosanya, mring abdi kang manggih duka.
7 Lawan padha denpakeling, teguhena lair batos, aja ngalap randhaning sadulur, sanak miwah abdi, kanca rewang sapangan, miwah maring pasanakan.
8  Gawe salah grahitani, ing liyan kang sami anon, nadya lilaa lananganipun, kang angrungu elik, ing batin tan pitaya, mangsa kuranga wanodya.
9   Tan  wurung  dipuncireni,  ing  batin  ingaran  rusoh,  akeh  jaga-jaga  jroning  kalbu,  arang ngandel batin, ing tyase padha suda, pangendele mring bandara.
10  Ana cacad agung malih anglangkungi  saking awon, apan sakawan iku kenipun, dhingin wong madati, pindho wong ngabotohan, kaping tiga wong durjana.
11  Kaping sekawane ugi, wong ati sudagar awon, mapan suka sugih watekipun, ing rina lan wengi, mung bathine denetang, alumuh lamun kalonga.
12  Iku  upamane  ugi,  duwe  dhuwit  pitung  bagor,  mapan  nora  marem  ing tyasipun,  ilanga sadhuwut, gegetun patang warsa, padha lan ilang saleksa.
13 Wong ati sudagar ugi, sabarang prakara tamboh, amung yen ana wong teka iku, anggagawe ugi, gagadhen pan tumranggal, ulate teka sumringah.
14  Dene  wong  durjana  ugi,  nora  nana  kang  denbatos,  rina  wengi  amung  kang  denetung, duweke lyan nenggih, dahat datan prayoga, kalamun watek durjana.
15   Dene  bobotoh  puniki,  sabarang  pakaryon  emoh,  lawan  kathah  linyok  para  padu,  yen pawitan enting, tan wurung anggagampang, ya marang darbeking sanak.
16 Nadyan wasiyating kaki, nora wurung dipunedol, lamun menang endang gawe angkuh, pan kaya bupati, weweh tan ngarah-arah, punika awoning bangsat.
17  Kabutuh pisan mamaling, tinitenan saya awon, apan boten wonten panedipun, pramilane sami, sadaya nyinggahana, anggugulang ngabotohan.
18  Dene  ta wong kang madati,  kesede  kaamoran  lumoh,  amung ingkang  dadi senengipun, ngadhep diyan sarwi, linggih ngamben jejegang, sarwi leyangan bedudan.
19 Yen leren nyeret adhidhis, netrane pan merem karo, yen wus ndadi awake akuru, cahya biru putih, njalebut wedi toya, lambe biru untu pethak.
20  Beteke  satron  lan  gambir,  jambe  suruh  arang  wawoh,  ambegane  sarwi  melar-mingkus, watuke anggigil, jalagra aneng dhadha, tan wurung ngestob bolira.
21 Yen mati nganggo ndalinding, suprandene nora kapok, iku padha singgahana patut, aja na nglakoni, wong mangan apyun ala, uripe dadi tontonan.
22  Iku kabeh  nora  becik,  aja na wani  anganggo,  panggawe  patang  prakara  iku,  denpadha pakeling, aja na wani nerak, kang nerak tan manggih arja.
23 Lawan ana waler malih, aja sok anggung kawuron, nginum sajeng tanpa mangsa iku, endi lire ugi, angombe saben dina, pan iku wateke ala.
24  Kalamun wung wuru ugi, ilang prayitnaning batos, nora ajeg barang pikiripun, elinge ing ati, pan baliyar-baliyar, endi ta ing becikira.
25  Lan aja karem sireki, ing wanodya ingkang awon, lan aja mbuka wadi sireku, ngarsaning pawestri, tan wurung nuli corah, pan wis lumrahing wanita.
26 Tan bisa simpen wawadi, saking rupeke ing batos, pan wus pinanci dening Hyang Agung, nitahken pawestri, apan iku kinarya, ganjaran marang wong priya.
27  Kabeh den padha nastiti, marang pitutur kang yektos, aja dumeh tutur tanpa dhapur, yen bakale becik, denanggo weh munfangat, kaya pucung lan kaluwak.

IV. Pucung
1  Kamulane,  kaluwak  nom-nomanipun,  pan dadi satunggal,  pucung arane  puniki,  yen wis tuwa kaluwake pisah-pisah.
2 Denbudia, kapriye ing becikipun, aja nganti pisah, kumpula kaya enome, enom kumpul tuwa kumpul kang prayoga.
3 Aja kaya kaluwak enome kumpul, basa wis atuwa, ting salebar dhewe-dhewe, nora wurung bakal dadi bumbu pindhang.
4  Wong sadulur, nadyan sanak dipunrukun, aja nganti pisah, ing samubarang karsane, padha rukun dinulu teka prayoga.
5  Abot entheng, wong duwe sanak sadulur, enthenge yen pisah, pikire tan dadi siji, abotipun lamun biyantu ing karsa.
6  Luwih abot, wong duwe sanak sadulur, jitus tandhingira, yen golong sabarang pikir, kacek uga lan wong kang tan sugih sanak.
7   Lamun  bener,  lan  pinter  pamomongipun,  kang  ginawe  tuwa,  aja  nganggo  abot  sisih, dipunpadha pamengkune mring sentana.
8  Mapan ewuh, wong tinitah dadi sepuh, tan kena gumampang,  iya marang sadulure, tuwa enom aja beda traping karya.
9 Kang saregep, kalawan ingkang malincur, padha denkawruhan, sira alema kang becik, kang malincur age sira bendonana.
10 Yen tan mari, binendon nggone malincur, age tinatrapan, sapantese lan dosane, pan sentana dimene dadi tuladha.
11   Lan  wong  liya,  darapon  wedia  iku,  kang  padha  ngawula,  ing  batine  wedi  asih,  pan mangkono labuhan wong dadi tuwa.
12 Den ajembar, denamot lan denamengku, denpindha segara, tyase ngemot ala becik, mapan ana papancene sowang-sowang.
13  Pan sadulur, tuwa kang wjib pitutur, marang kang taruna, kang anom wajibe wedi, sarta manut wuruke sadulur tuwa.
14 Kang tinitah, dadi enom aja mesgul, batin rumangsaa, yen wis titahing Hyang Widhi, yen mesgula ngowahi kodrating Suksma.
15 Nadyan bener, yen wong anom dadi luput, yen ta anganggoa ing pikire pribadi, pramilane wong anom aja ugungan.
16  Yen  dadi  nom,  denweruh  ing  enomipun,  dene  ingkang  tuwa,  denkaya  banyu  ing beji, denawening paningale aja samar.
17  Lawan maning, ana ing pituturingsun, yen sira amaca, layang sabarang layange, aja pijer katungkul ningali sastra.
18  Caritane, ala becik dipunweruh, nuli rasakena, layang iku saunine, denkarasa kang becik sira anggoa.
19  Ingkang  ala, kawruhana  alanipun,  dadine tyasira  weruh ala lawan becik, ingkang  becik wiwitane sira wruha.
20 Wong kang laku, mangkana wiwitanipun, becik wekasanya, wong laku mangkana wite, ing satemah puniku pan dadi ala.
21  Ing sabarang, prakara dipunkadulu,  wiwitan wekasan, bener lan lupute kesthi, ana becik wekasane dadi ala.
22  Dipunweruh,  iya ing kamulanipun,  kalawan wekasan, punika dipunkaliling,  ana ala dadi becik ing wekasan.
23  Ewuh temen, babo wong urip puniku, apan nora kena, kinira-kira ing budi, arang mantep wijiling basa raharja.

X. Mijil
1 Poma kaki padha dipuneling, ing pitutur ingong, sira uga satriya arane, kudu anteng jatmika ing budi, ruruh sarwa wasis, samubarangipun.
2   Lan  dennedya  prawira  ing  batin,  nanging  aja  katon,  sasabana  yen  durung  mangsane, kekendelan aja wani mingkis, wiweka ing batin, densamar densemu.
3 Lan densami mantep maring becik, lan ta wekas ingong, aja kurang iya panrimane, yen wus tinitah maring Hyang Widhi, ing badan puniki, wus papancenipun.
4  Ana wong narima wus titahing, Hyang pan dadi awon, lan ana wong tan nrima titahe, ing wekasan iku dadi becik, kawruhana ugi, aja salang surup.
5  Yen wong bodho kang tan nedya ugi, tatakon titiron, anarima ing titah bodhone, iku wong narima nora becik, dene ingkang becik, wong narima iku.
6  Kaya upamane wong angabdi, amagang sang katong, lawas-lawas  katekan sedyane,  dadi mantri utawa bupati, miwah saliyane, ing tyase panuju.
7  Nuli narima terusing batin, tan mengeng ing katong, tan rumasa ing kanikmatane,  sihing gusti tekeng anak rabi, wong narima becik, kang mangkono iku.
8 Nanging arang ing mangsa samangkin, kang kaya mangkono, kang wis kaprah iya salawase, yen wis ana linggihe sathithik, apan nuli lali, ing wiwitanipun.
9  Pangrasane  duweke  pribadi,  sabarang  kang kanggo,  nora eling ing mula-mulane,  witing sugih sangkaning amukti, panrimaning ati, kaya nggone nemu.
10  Tan rumasa murahing Hyang Widhi, jalaran sang katong, ing jaman mengko iya mulane, arang turun wong lumakweng kardi, tyase tan saririh, kasusu ing angkuh.
11  Arang kang sedya amales ing sih, ing gusti sang katong, lawan kabeh iku ing batine, tan anedya narima ing Widhi, iku wong kang tan wrin, ing nikmat ranipun.
12 Wong kang tan narima dadi becik, titahing Hyang Manon, iki uga iya ta rupane, kaya wong kang angupaya ngelmi, lan wong sedya ugi, kapinteran iku.

13  Uwis pinter nanging iku maksih, nggonira ngupados, ing undhake ya kapinterane, utawa unggahing kawruh yekti, durung marem batin, lamun durung tutug.
14  Ing pangrawuh ingkang densenengi, kang wus sem ing batos, miwah ing kapinteran wus dene, ing samubarang pakarya uwis, nora nganggo lali, kabeh wus kawengku.
15 Yen wong kang kurang narima ugi, iku luwih awon, barang-gawe aja age-age, anganggoa sabar lawan ririh, dadi barang-kardi, resik tur rahayu.
16  Lan maninge babo denpakeling,  ing pitutur ingong, sira uga padha ngempek-empek,  iya marang kang jumeneng aji, lair ing myang batin, denngrasa kawengku.
17  Kang jumeneng iku kang mbawani, wus karsaning Manon, wajib padha wedi lan bektine, aja mampang parentahing aji, nadyan anom ugi, lamun dadi ratu.
18  Nora  kena  iya  denwaoni,  parentahing  katong,  dhasar  ratu  bener  parentahe,  kaya  priye nggonira sumingkir, yen tan anglakoni, pesthi tan rahayu.
19  Nanging  kaprah  ing mangsa  puniki,  anggepe  angrengkoh,  tan rumasa  lamun  ngempek- empek, ing batine datan nedya eling, kamuktene iki, ngendi sangkanipun.
20  Yen elinga jalarane mukti, pesthine tan ngrengkoh, saking batin durung ngrasakake,  ing pitutur ingkang dhingin-dhingin, dhasar tan praduli, wuruking wong sepuh.
21   Ing  dadine  barang  tindak  iki,  arang  ingkang  tanggon,  saking  durung  ana  landhesane, nganggo ing karsanira pribadi, ngawag barang kardi, dadi tanpa dhapur.
22 Mulane ta wekas ingsun iki, den kerep tatakon, aja isin ngatokaken bodhone, saking bodho witing pinter ugi, mung Nabi kakasih, pinter tan winuruk.
23  Sabakdane  pan tan ana ugi, pintere tatakon, mapan lumrah ing wong urip kiye, mulane wong anom den taberi, angupaya ngelmi, dadya pikukuh.
24 Ing driyanira dadi tatali, ing tyas dimen adoh, sakehing ati kang ala kiye, nadyan lali ya pan nuli eling, yen wong kang wus ngelmi, kang banget tuwajuh.
25  Kacek  uga  lan  kang  tanpa  ngelmi,  sabarange  kaot,  dene  ngelmu  iku  ingkang  kangge, sadinane gurokna kariyin, pan sarengat ugi, parabot kang perlu.
26 Ngelmu sarengat puniku dadi, wawadhah kang yektos, kawruh tetelu kawengku kabeh, pan sarengat kanggo lair batin, mulane densami, brangtaa ing ngelmu.

XI. Asmarandana
1 Padha netepana ugi, kabeh parentahing sarak, terusna lair batine, salat limang wektu uga, tan kena tininggala, sapa tinggal dadi gabug, yen misih dhemen neng praja.
2 Wiwit ana badan iki,iya teka ing sarengat, ananing manungsa kiye, rukun Islam kang lilima, nora kena tininggal, iku parabot linuhung, mungguh wong urip neng dunya.
3  Kudu uga denlakoni, rukun lilima punika, mapan ta sakuwasane, nanging aja tan linakyan, sapa tan nglakonana, tan wurung nemu bebendu, padha sira esttokena.
4  Parentahira Hyang Widhi, kang dhawuh mring Nabiyullah, ing dalil kadis enggone, aja na ingkang sembrana, rasakna den karasa, dalil kadis rasanipun, dadi padhang ing tyasira.
5  Nora  gampang  wong  ngaurip,  yen  tan  weruh  uripira,  uripe  padha  lan  kebo,  anur  kebo dagingira, kalala yen pinangana, pan manungsa dagingipun, yen pinangan pesthi karam.
6  Poma-poma wekas mami, anak putu aja lena, aja katungkul uripe, lan aja duwe kareman, marang papaes donya, siyang dalu dipun emut, yen urip manggih antaka.
7 Lawan aja angkuh bengis, lengus lanas langar lancang, calak ladah sumalonong, aja edak aja ngepak, lan aja siya-siya, aja jail para padu, lan aja para wadulan.
8  Kang kanggo  ing mangsa  mangkin,  prayayi  nom kang dengulang,  kaya kang wus muni kuwe, lumaku temen kajena, tan nganggo etung murwat, lumaku kukudhung sarung, anjaluk dendhodhokana.
9  Pan tanpa kusur sayekti, satriya tan wruh ing tata, ngunggulaken satriyane, yen na ngarah dhinodhokan, anganggoa jajaran, yen niyat lunga anyamur, aja ndhodhokken manungsa.
10  Iku poma dipuneling, kaki mring pitutur ingwang, kang wis muni mburi kuwe, yen ana ingkang nganggoa, cawangan wong mbelasar, saking nora ngrungu tutur, lebar tan dadi dandanan.
11    Barang-gawe   dipuneling,   nganggoa   tepa-sarira,   parentah   lan   sabenere,   aja   ambeg kumawawa,  amrih denwedenana,  dene ta wong kang wis luhung,  nggone  amengku  mring bala.
12   Denprih  wedi  sarta  asih,  pamengkune  maring  wadya,  wineruhena  ing  gawe,  denbisa aminta-minta, karyaning wadyanira, ing salungguh-lungguhipun, ana karyane priyangga.
13  Sarta  weruhna  ing becik,  gantungana  ing tatrapan,  darapon  pethel  karyane,  dimene  aja sembrana, anglakoni ing karya, ywa dumeh asih sireku, yen leleda tatrapana.
14  Nadyan  sanak-sanak  ugi,  yen leleda  tinatrapan,  murwaten  lawan  sisipe,  darapon  padha wedia, ing wuri ywa leleda, ing dana-kramanireku, aja pegat den warata.
15  Lan maninge suta mami, mungguh anggeo wong nagwula, densuka sokur ing batos, aja pegat ing panedha, mring Hyang kang amisesa, ing raina wenginipun, mulyaning nagara tata.
16  Iku uga denpakeling,  kalamun mulya kang praja, mupangati  mring wong akeh, ing rina wengi ywa pegat, nenedha mring Pangeran, tulusing karaton prabu, miwah arjaning nagara.
17   Iku  wawalesing  batin,  mungguh  wong  suwiteng  nata,  ing  lair  setya  tuhune,  lawan cecadhang sakarsa, badan datan lenggana, ing siyang dalu pan katur, pati uriping kawula.
18  Gumantung karsaning gusti, iku traping wadya setya, nora kaya jaman mangke, yen wis oleh  kalungguhan,  trape  kaya  wong  dagang,  ngetung  tuna  bathineipun,  ing  tyas  datan rumangsa.
19  Uwite dadi priyayi, sapa kang gawe mring sira, nora weruh wiwitane, iya weruha witira, dadi saking ruruba, mulane ing batinipun, pangetunge lir wong dagang.
20  Pikire gelisa pulih, rurubane duk ing dadya, ing rina wengi ciptane, kapriye lamun bisaa, males sihing bendara, linggihe lawan tinuku, tan wurung angrusak desa.
21  Pamrihe gelisa bathi, nadyan mbesuk denpocota, duweke sok wisa puleh, kapriye lamun tataa, polahe salang-tunjang, padha kaya wong bubruwun, tan etung duga prayoga.
22  Poma padha denpakeling,  nganggoa  sokur lan rila, narima ing sapancene,  lan aja amrih sarana, mring wadya nandhang karya, lan padha amriha iku, arjaning kang desa-desa.
23  Wong desa pan aja nganti, ewuh nggone  nambut-karya,  sasawah  miwah  tegale,  nggaru maluku tetepa, aja denulah-ulah, dimene tulus nanandur, pari kapas miwah jarak.
24  Yen desa akeh wongneki, ingkang bathi pasthi sira, wetuning pajeg undhake, dipunrereh pamrihira, aja nganti rekasa, denwani kalah rumuhun, beya kurang paringana.
25  Kapriye  gemaha  ugi, sakehe  kang desa-desa,  salin bekel pendhak  epon, pametune  jung sacacah, bektine karobelah, satemah desane suwung, priyayi jaga pocotan.
26  Poma aja anglakoni,  kaya pikir kang mangkana,  tan wurung lingsem temahe,  denpadha angestokena, mring pitutur kang arja, nora nana alanipun, wong nglakoni kabecikan.
27 Nom-noman samengko iki, yen denpituturi arja, arang kang angrungokake, denslamur asasembranan, emoh yen anirua, malah males apitutur, pangrasane uwis wignya.
28 Aja ta mengkono ugi, yen ana wong cacarita, rungokena saunine, ingkang becik sira nggoa, buwangen ingkang ala, anggiten sajroning kalbu, ywa nganggo budi nom-noman.

XII. Sinom
1 Ambege kang wus utama, tan ngendhak gunaning janmi, amiguna ing aguna, sasolahe kudu bathi, pintere denalingi, bodhone dinokok ngayun, pamrihe den inaa, aja na ngarani bangkit, suka lila denina sapadha-padha.
2  Ingsun  uga tan mangkana,  balilu kang sun alingi,  kabisan  sundekek  ngarsa,  isin menek denarani,  balilu ing sujanmi,  nanging  batiningsun  cubluk,  parandene  jroning  tyas,  lumaku ingaran wasis, tanpa ngrasa prandene sugih carita.
3  Tur duk ingsun maksih bocah, akeh kang amituturi, lakuning wong kuna-kuna,  lalabetan ingkang becik, miwah carita ugi, kang kajaba saking ngebuk, iku kang aran kojah, suprandene ingsun iki, teka nora nana undhaking kabisan.
4  Carita nggoningsun nular, wong tuwa kang momong dhingin, akeh kang sugih carita, sun rungokken  rina  wengi,  samengko  maksih  eling sawise  diwasaningsun,  bapak  kang paring wulang, miwah ibu mituturi, tata-krama ing pratingkah kang raharja.
5 Nanging padha ngestokena, pitutur kang muni tulis, yen sira nedya raharja, anggonen pitutur iki,  nggoningsun  ngeling-eling,  pitutur  wong  sepuh-sepuh,  muga  padha  bisaa,  anganggo pitutur becik, ambrekati wuruke wong tuwa-tuwa.
6  Lan aja na lali padha, mring luluhur ingkang dhingin, satindake denkawruhan,  angurangi dhahar guling, nggone ambanting dhiri, amasuh sariranipun,  temune kang sineja, mungguh wong nedha ing Widhi, lamun temen lawas enggale tinekan.
7  Pangeran  kang sipat murah,  njurungi  kajating  dasih,  ingkang  temen tinemenan,  pan iku ujaring  dalil,  nyatane  ana  ug,  iya  Ki  Ageng  ing  Tarub,  wiwitane  nenedha,  tan  pedhot tumekeng siwi, wayah buyut canggah warenge kang tampa.
8  Panembahan  Senapatya,  kang jumeneng  ing matawis,  iku kapareng  lan mangsa,  dhawuh nugrahaning Widhi, saturune lestari, saking brekating luluhur, mrih tulusing nugraha, ingkang kari-kari, wajib uga anirua lakunira.
9    Mring  luhur  ing  kuna-kuna,   enggone   ambanting   dhiri,  iya  sakuwasanira,   sakuwate anglakoni,  nyegah  turu  sathithik,  sarta  nyuda  dhaharipun,  pirabara  bisaa,  kaya  ingkang dhingin-dhingin, atirua sapratelon saprapatan.
10  Ana ta silih bebasan, padha sinaua ugi, lara sajroning kapenak,  suka sajroning prihatin, lawan ingkang prihatin, mapan suka ing jronipun, iku densinaua, lan mati sajroning urip, ing wong kuna pan mangkono kang dengulang.
11 Pamoring Gusti kawula, pan iku ingkang sayekti, dadine sotya ludira, iku den waspada ugi, gampangane ta kaki, tembaga lawan mas iku, linebur ing dahana, luluh amor dadi siji, mari nama kencana miwah tembaga.
12   Ingaranana  kencana,  pan  wus  kamoran  tembagi,  ingaranana  tembaga,  wus  kamoran kencana  di,  milila  dipun  wastani,  mapan  suwasa  puniku,  pamore  mas  tembaga,  pramila namane salin, lan rupane sayekti puniku beda.
13 Cahya abang tuntung jenar, punika suwasa murni, kalamun gawe suwasa, tembagane nora becik, pambesote tan resik, utawa nom emasipun, iku dipunpandhinga, sorote pesthi tan sami, pan suwasa bubul arene punika.
14  Yen arsa karya suwasa, darapon dadine becik, amilihana tembaga, oleha tembaga prusi, binesot ingkang resik, sarta mase ingkang sepuh, resik tan kawoworan, dhasar sari pasthi dadi, iku kena ingaran suwasa mulya.
15 Puniku mapan upama, tepane badan puniki, lamun arsa ngawruhana, pamore kawula Gusti, sayekti  kudu resik, aja katempelan  nepsu, luwamah  lan amarah,  sarta suci lair batin, dadi mene sarira bisaa tunggal.
16  Lamun ora mangkonoa, sayektine nora dadi, mungguh ngelmu ingkang nyata, nora kena densasabi, ewuh gampang sayekti, puniku wong duwe kawruh, gampang yen winicara, angel yen durung marengi, ing wektune binuka jroning wardaya.
17 Nanging ta sabarang karya, kang kinira dadi becik, pantes dentalatenana, lawas-lawas mbok pinanggih, denmantep jroning ati, ngimanken tuduhing guru, aja uga bosenan, kalamun arsa utami, mapan ana dalile kang wus kalakyan.
18  Para luluhur sadaya, nggone nenedha mring Widhi, bisaa mbaboni praja, dadi ugering rat Jawi,  saking  talaten  ugi,  enggone  katiban  wahyu,  ing  mula  mulanira,  lakuning  luluhur dhingin, andhap asor enggone anamur lampah.
19 Tapane nganggo alingan, pan sami alaku tani, iku kang kinarya sasab, pamrihe aja katawis, ujubriya  lan kibir, sumungah  ing siningkur,  lan endi kang kanggonan,  wahyuning  karaton Jawi, tinempelan anggenipun kumawula.
20   Puniku  laku  utama,  tumindak  sarta  kekelir,  nora  ngatingalken  lampah,  wadine  kang denalingi, panedyane ing batin, pan jero pangarahipun, asore ngelmu rasa, prayoga tiniru ugi, anak putu aja na tinggal lanjaran.
21  Lawan ana kang wasiyat, prasapa kang dhingin-dhingin,  wajib padha kawruhana,  mring anak putu kang kari, lan aja na kang lali, anerak wewaleripun, marang luluhur padha, kang minulyakken ing Widhi, muga-muga mupangatana kang darah.
22  Wiwitan  kang aprasapa,  Ki Ageng ing Tarub  weling,  ing satedhak turunira,  tan rinilan nganggo  keris,  miwah  waos  tan  keni,  kang  awak  waja  puniku,  lembu  tan  kena  dhahar, daginge lan ora keni, angingua marang wong Wandhan tan kena.
23   Dene  Ki  Ageng  Sesela,  prasapane  ora  keni,  ing  satedhak  turunira,  nyamping  cindhe denwaleri,   kalawan   nora  keni,  ing  ngarepan   nandur  waluh,   wohe  tan  kena  mangan, Panembahan Senapati, ing ngalaga punika ingkang prasapa.
24 Ing satedhak turunira, mapan nora denlilani, nitih kuda ules napas, lan malih dipunwaleri, nitih turangga ugi, kang kokoncen surinipun, dhahar ngungkurken  lawang, ing wuri tan na nunggoni, dipunemut aja na nerak prasapa.
25 Jeng Sultan Agung Mataram, prasapane nora keni, mring tedhake yen nitiha, jaran bendana yen jurit, nanggo waos tan keni, kang landheyan kayu wergu, lan tan ingaken darah, yen tan bisa tembang Kawi, pan prayoga satedhak sinaua.
26  Jeng Sunan Pakubuwana, kang jumeneng ing Samawis, kondur madeg Kartasura, prasapanipun   tan   keni,   nenggih   kalamun   nitih,   dipangga   saturunipun,   Sunan   Prabu Mangkurat, waler mring saturuneki, tan linilan ngujung astana ing Betah.
27  Lawan tan kena nganggoa, dhuwung sarungan tan mawi, kandelan yen nitih kuda, kabeh ajaa  na kang lali, lan aja na nggagampil,  puniku  prasapanipun,  nenggih  Jeng Susuhunan, Pakubuwana ping kalih, mring satedhak turunira linarangan.
28  Mangan apyun nora kena, sineret tan den lilani, inguntal pan linarangan, sapa kang wani nglakoni,  narajang waler iki, yen nganti kalebon apyun, pan kena ing prasapa, jinabakken tedhakneki, Jeng Susuhunan ingkang sumare Nglaweyan.
29  Prasapa Jeng Susuhunan,  Pakubuwana  kaping tri, mring satedhak turunira, mapan datan denlilani, agawe andel ugi, wong kang seje jinisipun, puniku linarangan, anak putu wuri-wuri, aja na kang wani nrajang prasapa.
30 Wonten waler kaliwatan, saking luluhur kang dhingin, linarangan angambaha, wana Krendhawahaneki, dene kang amaleri, sang Dananjaya ing dangu, lan malih winaleran, kabeh tedhake Matawis, yen dolana ing wana Rami tan kena.
31  Dene sisirakanira, yen tedhak ing Demak ugi, anganggo wulung tan kena, lawan ta kang nyirik  malih,  bebed  lonthan  tan  kena,  kalamun  tedhak  Madiyun,  lan  payung  dhanddhan abang, tedhak Madura tan keni, nganggo poleng lan bathikan parang-rusak.
32 Tedhaking Kudus tan kena, adhahara daging sapi, tedhaking Sumenep ika, nora kena ajang piring, watu pan datan keni, dhahar kidang dagingipun, mapan ta linarangan, godhong palasa kinardi, ajang mangan pan puniku nora kena.
33  Kabeh anak putu padha, eling-elingen ywa lali, prasapa kang kuna-kuna walering luluhur dhingin, estokna ing jro ngati, aja nganti nemu dudu, kalamun wani nerak, pasthi tan manggih basuki, Sinom Salin Girisa ingkang atampa.

XIII. Girisa
1  Anak putu denestokna, warah wuruke si bapa, aja na ingkang sembrana, marang wuruke wong tuwa, ing lair batin den bisa, anganggo  wuruking bapa, ing tyas den padha santosa, teguheno jroning nala.
2 Aja na kurang panrima, ing papasthening sarira, yen saking Hyang Mahamulya, nitahken ing badanira, lawan dipunawas uga, asor luhur waras lara, tanapi begja cilaka, urip tanapi antaka.
3 Iku saking ing Hyang Suksma, miwah ta ing umurira, kang cendhak lawan kang dawa, wus pinesthi  mring  Hyang  Suksma,  duraka  yen  maidoa,  miwah  kuranga  panrima,  ing  lohkil- mahfule kana, tulisane pan wis ana.
4  Yogya padha kawruhana,  sisikune badanira, ya marang Hyang Mahamurba,  kang misesa marang sira, yen sira durung uninga, prayoga atatakona, mring kang padha wruh ing makna, iku kang para ngulama.
5  Kang  wis  wruh  rahsaning  kitab,  darapon  sira  weruha,  wajib  mokaling  Hyang  Suksma, miwah wajibing kawula, lan mokale kawruhana, miwah ta ing tata-krama, sarengat dipunwaspada, batal karam takokena.
6   Sunat  lan  perlu  punika,  prabot  kanggo  saben  dina,  iku  kaki  dipunpadha,  terang  ing pitakonira,   lan  aja  bosen  jagongan,   marang  kang  para  ngulama,   miwah  uwong  kang sampurna, pangawruhe mring Hyang Suksma.
7 Miwah patrap tata-krama, ing tindak-tanduk myang basa, kang tumiba marang nistha, tuwin kang tumibeng madya, tanapi tibeng utama, iku sira takokena, ya marang wong kang sujana, miwah ing wong tuwa-tuwa.
8  Kang padha bisa micara, tuwin ingkang ulah sastra, iku pantes takonana, bisa madhangken tyasira, karana ujaring sastra utama teka carita, ingkang kinarya gondhelan, amurukken mring wong mudha.
9  Lawan sok karepa  maca,  sabarang  layang carita, aja anampik mring layang,  carita kang kuna-kuna, layang babad kawruhana, caritane luhurira, darapon sira weruha, lalakone wong prawira.
10  Miwah  lalakon  nalika,  kang para  Wali  sadaya,  kang  padha  oleh  nugraha,  asale  saking punapa, miwah kang para satriya, kang digdaya ing ayuda, lakune sira tirua, lalabetan kang utama.
11  Nora susah amirungga, mungguh lakuning satriya, carita kabeh pan ana, kang nistha lan kang utama, kang asor kang luhur padha, miwah lakuning nagara, pan kabeh aneng carita, ala becik sira wruha.
12 Yen durung mangarti sira, caritane takokena, ya marang wong tuwa-tuwa, kang padha wruh ing carita, iku ingkang dadi uga, mundhak kapinteranira, nanging ta dipunelingan, sabarang kang kapiyarsa.
13 Aja na tiru si bapa, banget tuna bodho mudha, kethul tan duwe grahita, katungkul mangan anendra, nanging anak putu padha, mugi Allah ambukaa, marang ing pitutur yogya, kabeh padha anyakepa.
14 Ing sawewekasing bapa, muga ta kalakonana, kabeh padha mituruta, panedhaningsun mring Suksma, lanang wadon salameta, manggiha suka raharja, ing dunya miwan akhirat, dinohna ing lara roga.
15  Umure padha dawaa, padha atut aruntuta, marang sadulure padha, padha sugiha barana, tanapi sugiha putra, pepaka jalu wanodya, kalawan maninge aja, nganti kapegatan tresna.
16  Padha uga denpracaya,  aja sumelang  ing nala, kabeh pitutur punika,  mapan wahyuning Hyang  Suksma,  dhawuh  mring  sira  sadaya,  jalarane  saking  bapa,  Hyang  Suksma  paring nugraha, marang anak ingsun padha.
17  Den bisa nampani  padha,  mungguh  sasmitaning  Suksma,  ingkang  dhawuh  maring  sira, wineruhken becik ala, anyegah karepanira, marang panggawe kang ala, kang tumiba siya-siya, iku paparing Hyang Suksma.
18 Paring peling marang sira, tinuduhaken ing marga, kang bener kang kanggo uga, ing donya ingkang  sampurna,  mugi  anak  putu  padha,  kenaa  dadi  tuladha,  kabecikaning  manungsa, tinirua ing sujanma.
19  Sakehing wong kapengina, aniru ing solah bawa, marang anak putu padha, anggepe wedi asiha, kinalulutan ing bala, kedhepa parantahira, tulusa mukti wibawa, ing satedhak-turunira.
20 Dinohna saking duraka, winantua ing nugraha, sakeh anak putu padha, ingkang ngimanaken uga, marang pituturing bapa, Allah kang nyembadanana,  ing padonganingsun  iya, ing tyas ingsun wus rumasa.
21 Wak ingsun upama surya, lingsir kulon wayahira, pedhak mring surupe uga, atebih maring timbulnya, pira lawase neng donya, ing kauripaning janma, mangsa nganti satus warsa, iya umuring manungsa.
22   Mulane  sun  muruk  marang,  kabeh  ing  atmajaningwang,  sun  tulis  sun  wehi  tembang, darapon padha rahaba, enggone padha amaca, sarta ngrasakken carita, aja bosan denapalna, ing rina wengi elinga.
23 Lan mugi padha tirua, kaya luluhure padha, sudira betah atapa, sarta waskitha ing nala, ing kasampurnaning  gesang, kang patitis nora mamang,  iku ta panedhaningwang,  muga padha kalakona.
24   Titi  tamat  kang  carita,  serat  wewaler  mring  putra,  kang  yasa  serat  punika,  nenggih Kangjeng  Susuhanan,  Pakubuwana  kaping  pat,  ing  galih  panedyanira,  kang  amaca  kang miyarsa, yen lali muga elinga.
25 Telasing panuratira, sasi Besar ping sangalas, Akad Kaliwon tahun Dal, tata guna swareng nata (1735), mangsastha windu Sancaya, wuku Sungsang kang atampa, ya Allah kang luwih wikan, obah osiking kawula.

Kagungan   dalem  serat  pawukon  pananggalan   yasan  dalem  ingkang  sinuhun  kangjeng Susuhunan   Pakubuwana    ingkang   kaping   pitu,   tetedhakan   yasanipun   ingkang   rama panjenengan dalem ingkang sinuhun Susuhunan Pakubuwana ingkang kaping sekawan.
Kala dhawahing pangandika dalem, awitipun ingandikakaken ndehak ing dinten Sabtu Legi, wanci jam satunggil siyang, wuku: Tolu, tanggal kaping 17 Rejeb, mangsa kalima, ing tahun Jimawal. Angkaning warsa 1765 windu: Sancaya, sinangkalan: Misik Rasa Sabdaning Ratu.
Ingkang nyerat abdi dalem carik Ngabei Sastrawijaya,  ing Surakarta-adiningrat,  ing kawan taun sampurna panedhakipun kagungan dalem serat wukon pananggalan sapanunggilipun, ing dinten Respati Manis, enjing wanci pukul 10, tanggal kaping 28, wulan Jumadilakir, wuku Gumbreg ing taun Be, sinangkalan: Sarira Rumasa Katitih ing Ratu, Windu: Sancaya.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar