Sesanti

Sesanti

Senin, 06 Januari 2014

KUMBOKARNO GUGUR




Kabar Lelayu 

——————kembul bojana ——————–
Dasamuka       : Piye Kumbakarna, Hemmm?
Kumbokarno     : Tuntum bebayune angga, seger sumyah rasane awakku , tuwuk padharaku
Dasamuka       : Wis wareg?
Kumbokarno     : Wis….
Dasamuka       : Seger ya, heeem?
Kumbokarno    : Iya!
Dasamuka       :  Lungkrahe awakmu sajrone nem candra ora mboga, ora nginum?
Kumbokarno    : pulih kaya duking wingi nguni, malah wuwuh kasantosane lahir-batin
Dasamuka       : Yen ngono ayo bali menyang pendhapa Kumbakarno!!
................................................
Dasamuka       : Kumbakarno!!
Kumbokarno   : Apa kakang prabu?
Dasamuka       : Wuse mari sawetara kangene , kaule pun kakang wus bisa kasembadan , samangsa si adhi bali sowan maneh marang kedhaton bakal dak-kanthi bebarengan kembul bojana handrawina nganti nutug, nyatane kabeh wus padha kepadhane ati . Si adhi ya nganti wareg, pun kakang uga tuwuk. Liya kang padha dirembug, magepokan kalawan swasana jro-jabane Ngalengka Diraja , Kumbakarno!!
Kumbakarno   : Iya, kaka prabu bakal paring dhawuh apa?
Dasamuka       : Yayi, aja kaget , yen ta sedulurmu kang sekawit papat cacahe . Siji, pun kakang tinemu pembayun, loro sira, katelune Sarpa Kenaka, kapate si Gunawan Wibisana . Nanging sawise ilang siji, yakuwi adhimu Gunawan Wibisana ana susulan maneh , kang mesthine si adhi kudu ngawruhi lan melu ngrasakake lelakon iki . Durung wae dak-kandhakake marang si adhi  ketemben iki . Adhimu Sarpa Kenaka mingkisake lengen , nyancutake sesondher, ngungalake dhadha , nyeblakake bebahu, lan najemake pandulu . Jumangkah ing payudan mangrurah para wanara kang dadi klilipe negara Ngalengka Diraja . Awit saka karoban mungsuh , nadyan Sarpa Kenaka duwe kabisan kang sarta kagunan bebasan pinter ngetung cacahing lintang, jembare langit . Pira bobote wanodya, krubyuk kabotan pinjung tandhing lan Anoman kang wus ngawruhi marang daya pengapesane Sarpa Kenaka , ken acinandhak tangane , kuku jejempol sakekarone dipugut dening Anoman, pugute kuku saka jejempol, dina iki adhimu Sarpa Kenaka tekaning pati, kumbakarno!!
……………………Sampak 6 Tlutur…………………
Kumbokarno   : E…e…ee…ee….Oooo, Sarpa Kenaka, Sarpa Kenaka , Wuih Lha dalah . Kang mesthine si adhi kudu ngrasakake langgeng kamuktene negara Ngalengka Diraja , gelem ora gelem pinugut yuswane si adhi awit saka kasempyok durangkarane sedulur tuwa kang tanpa nganggo petung reh kamanungsan , Ooooo,  kaka prabu. Patine Sarpa Kenaka yen ta disawang satleraman  kendhih dening daya pangaribawane Anoman, nanging yen ta dirasakake nganggo rasa kang jero, yektine kaka prabu dhewe kang mateni. Upamane kaka prabu ora nyengker lan ora nyidra garwane Rama Regawa kang aran Sinta didunungake ana Taman Arga Soka, kiraku ora ngurbanake sedulur wadon kang cacahe amung sawiji !
Dasamuka       : Cukuuuup….!! Cukup, durung rampung nggonku ngucap kowe ngundhamana kang ora –ora dak-tampa kanthi legawaning atiku , ning durung cukup, heeem. Sarpa Kenaka mati , kowe sedulur lanang . Kowe sedulur lanang kang gagah perkosa, sentosa dhadha bebahumu, piye rasamu yen kelangan sedulur wadon mung siji?
Kumbokarno   : Iya…aku ora wegah, ora bakal awewigih yen bebela patine Sarpa Kenaka, nyirnakake kabeh wadya Rewanda!!
Dasamuka       : Lha rak ngono, kuwi kang dak-jaluk. Angka loro Paman Patih Prahastha, Nadyan wus lalu yuswa bebasane kempong perot jambul wanen  ora jejeg adege yen datan cinuwak ing teken, nanging dheweke ngrumangsani yen sawijine satriya Ngalengka Diraja , tanpa pinarentah , ana greget satemah gumregut. Gumregah nedya jumangkah ing payudan, nadyan dak-gondheli nanging nalika semana dipalangana malumpat, didhadhungana medhot, nandhingi kridhane para rewanda, kang sekawit . kang sekawit!!, Heeh Kumbakarno ….. kang sekawit!!  Ora sethithik cacahe para wanara kang ludhes keles dadi tandhes amarga tinarajang pangamukke paman Patih Prahastha. Nanging , iblis Gunawan, adhimu sing tok-tresnani ngajokake senapati kethek kang mung sagegem gedhene aran Si Anila apangkat patih . Sakawit amung dinggo dolanan dening paman prahastha, nanging embuh apa ta sababe. Heh Kumbakarno , nanging apa ta sababe Si Anila kuwat ambedhol tugu , ambedhol tugu kang mapan ana telenge payudan . Uwale tugu saka tancepane bumi kineprukake mustakane paman Prahastha .  Pecahe mustaka, samengko pepundhenmu Paman Prahasta  seda kumbakarno!!
………………….Sampak 6 Tlutur……………….
Pangundhamane Dasamuka
…………………………..Yaksa gora ri sedheng Kumbokarno………………………
Kumbokarno   : E-e-e-eehhh, kaka prabu, kaka prabu. Lelakon iki tumpuk matumpa-tumpa , yen aku sing dikeparengake anggledhahi kang sarta naliti kedadean-kadadean kang mangkene mau , jebul awoh, awoh saka wangkot kang sarta puguh santosaning panggalih kaka prabu nggone ambegugug, nggegegi rumangsa gagah nyengker Rakyan Wara Sinta , nganti nuwuhake peperangan gedhe , mula kaka prabu ngibarate kriwikan durung kebajut dadi grojogan  ilining banjir marus kang bakal mbalabak Ngalengka Diraja . Kaka prabu bakal ilining banjir marus kang bakal mbalabak negara Ngalengka Diraja iki bendungen, srana nggonmu gelem manglung rasamu, tumungkul pambeganmu , nglenggana ing reh kaluputanmu, balekna Sinta ana astane Regawa , yen kaka prabu kepareng palakrama maneh , aja ta amung sipate jalma lumrah , nadyan silih hapsari ing kaendran kiraku ora mengko-mengko , kapara keh kang padha rebut ngarep kepengin winengku garwa dening kaka prabu. Ooooo….kaka prabu kaparenga engeta!
Dasamuka       : Kowe  dudu manungsa ya hem…?, Jiid……..!! Ora ana gunane kowe nyubya-nyubya pamanmu . Ora ana gunane kowe nyungga-nyungga manungsa kang tan wruh idhepe kabecikan, lan  Jiid…..!! Aja tok-anggep iku sawijining satriya Ngalengka Diraja , Kumbakarna anggepen kaya darajade wong sudra sampali , loro saudon telu saurupan, kere macukiling bale – bale longan , heem….!!   Ora pantes cinaket wong agung , senengane mung arep ongkang-ongkang sedhakep sila tumpang , duwe watak mangsa bodhoa. Manungsa kang kaya kowe genep loro kaya kowe Ngalengka Diraja ambleg, ibliis…!!
Kumbokarno   : Iyooh…..borong nggonmu paring deduka, aku amung ndherek !
Dasamuka       : Mung saiki ngene , kowe saka Panglebur Gangsa tak-timbali mau kajaba kangen , pun kakang kepengin takon : Kumbokarno kuwi wong ngendi? Kumbokarno kowe wong ngendi, hem…?  
Kumbokarno   :  Yen isih diakoni aku kulawarga Ngalengka Diraja !
Dasamuka       : Putrane?
Kumbokarno   : Rama Panembahan  Wisrawa
Dasamuka       : Ibumu, hemm….?
Kumbokarno   : Kanjeng ibu Sukesi!
Dasamuka       : Sedulurmu tuwa?
Kumbokarno   : Kaka prabu Rahwana Raja
Dasamuka       : Yen ta , heh Kumbokarno….yen rama – ibu ora ana sing wenang mranata kang sarta masesa para kadang-kadang kang isih padha ditinggal iki, sapa kang darbe wajib?
Kumbokarno   : Ana naluri kang wus kadlarung lan kaplantrang dadi pranatan, sedulur lanang kang tinemu pembarep sayekti trep dadi sesule sudarma. Ya mung kowe kang tak-anggep bapa sarta bapakku apadene pangayomanku!!
Dasamuka       : Lha…. rak ngono, hem….Gene waras!! Ora gingsir angen-angenmu, kowe waras, ya !!  Kowe waras….!! Broool….. kowe digedhekake dening dayaning bumi , geni, banyu Ngalengka Diraja, hem….!!  Yen kowe  nyumurupi, yen netramu ora bawur, nalarmu ora kuwur, lakumu ora ngawuuur lan kowe dudu manungsa sing nagur. Aku arep takon : ucapmu kang kaya katemben kalair iki mau  apa bisa tak-tuhoni ?
Kumbokarno   : Aku dudu wong loro telu saudhon. Tumrape Ngalengka Diraja aku dudu wong mbuh kanane!!
Dasamuka       : Lha, rak ngono…..Yen ngono , Ngalengka Diraja kowe melu nduwe ya?
Kumbokarno   : Ngalengka Diraja aku melu nduwe!!
Dasamuka       : Cocok….!! Ngalengka Diraja kowe melu nduwe, dhasarmu apa kowe kok muni ngono?
Kumbokarno   :  Kamuktene negara aku melu ngrasakake !!
Dasamuka       : Bener….!! Ngibarate yen bebrayan agung antarane pun kakang lan si adhi , apa dene putra sentana ?
Kumbokarno   : Kaya dene mina kang urip ana telenging balumbang !!
Dasamuka       : Yen banyune panas?
Kumbokarno   : Kabeh melu ngrasakake panas!!
Dasamuka       : Yen banyune adhem?
Kumbokarno   : Aku melu ngrasakake seger!!
Dasamuka       : Lha rak ngono…!! Ngalengka Diraja ing mangsa kalungguhan iki bumi saya panas, bumi saya panas….!!
Kumbokarno   : Rasaku uga panas !!
Dasamuka       : Bisane rasamu seger?
Kumbokarno   : Panas iki tak-sirnakake!!
Dasamuka       : Sapa kang anjalari panas?
Kumbokarno   : Kang anjalari panas kaka prabu….!!
Dasamuka       : Kowe guoblog ya, hem….!! Kowe mendho*), hem….!! Kowe tetela manungsa kang tan idhepe kawruh ora tau gegulang ngelmu, heemm…!! Karepku nadyan wujudmu buta, nanging nduwea  watak satriya. Kowe kuwi buta satriya !! Ringkese rembug kowe aja ngucap kang dudu-dudu, aku njaluk tetepana sawijining satriya, yen ta kowe manungsa Ngalengka Diraja kang dilairake ing kene , kene ya bumi iki , bumi Ngalengka Diraja iki diidak-idak dening kethek. Bumi Ngalengka diraja diidak-idak dening kethek, samengko wis padha pacak baris ana ing Giri Swela, hem…!! Wis caket ana ing Ngalengka Diraja . Kowe lila bumimu diidak-idak kethek?
Kumbokarno   : Ora lila ?
Dasamuka       : Yen ora lila caramu priye?
Kumbokarno   : Kethek-kethek kang ngidak-idak bumi kene bakal dak-singkirake !!
Dasamuka       : Dina iki kowe mangkata !! Kowe mangkata , kowe kuwi dicecedha dening manungsa sajagad, kowe dierang-erang dening manungsa sajagad, kowe diisin-isin dening manungsa sa-Ngalengka Diraja, hemm….!! Saglugute kolang-kaling, sarambut pinara pitu ora ngira yen Kumbokarno dumadine amung pepayung kajirihan….!! Kajirihan….!!
Dasamuka       : Kowe dienteni, kabeh wadya wanara nggone ngigit-ngigit kepengin tekamu, aja mung mandheg ana kondhang, nanging nyatakna kaprawiran kang sarta kasantikanmu, gunakna kanggo mrewasa , kanggo mangrurah, kanggo nyirnakake kethek-kethek kang ngambah bumi Ngalengka Diraja !!
Kumbokarno   : Iyooh….Nadyan tanpa pinarentah , aku mengko bakal jumangkah sikilku , jer nyatane iku dadi jejibahan . Ingatase satriya yen gelem wiwit tumandang gawe sarana diprentah iku durung sawijining kuwajiban kang sejati . Nanging aku duwe panjaluk!!
Dasamuka       : Panjalukmu apa, lha rak ngono….? Apa  si adhi kepengin nitih rata inten ingkang turangga wolu ?
Kumbokarno   : Dudu iku  kang tak-jaluk!!
Dasamuka       : Gajah titihane pun kakang?
Kumbokarno   : Ora kulina numpak gajah!!
Dasamuka       : Karepmu……?
Kumbokarno   : Ora esuk, ora sore yen Rakyan Wara Sinta tok-balekake ana tangane Rama Regawa mengko tak-tundhunge kethek-kethek saka ing Giri Swela, yen nganti ana tan trimane Rama Regawa lan Lesmana tandhinge Kumbokarno!!
Dasamuka       : Cukuuuuup…..!! Bangsat ya….!! Jiid….bandha kesasar Jiid….! Wooo…. lha jebul ngono ya , bisa tak-waca ya gedhohanmu hem…,  atimu, bebudenmu. Alu biyen nate ngingu srenggala….!! . Kowe ngerti srenggala? Aku tau ngingu sona….!! Kowe ngerti sona? Sona, sing gaweyane njegog , kae yen ta pendhak dipakani,  diprentah  apa wae dening kang makani manut . Atase kowe manungsa keweh….keweh….lagi wae bubar pista raja , wareg gelem ngrasakake , seger gelem nyandhang, nanging aneng rekasane kowe mingkuh. Gunane apa aku mangan bareng karo kowe …..!!
Lir kinetap duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga , kumedut padoning lathi , netra kocak ngondhar-andhir, kerot-kerot kanang waja ….
Kumbokarno   : He…eeee….eeh….Wooo, lha kok jebul tekan semono kakang prabu!! Ngundhamana barang sing wis klebu weteng, yooh….gunane apa aku mangan yen manganku ora sarana ulat kang becik , yen nggonku mangan peparinge manungsa kang ora lila lair batin, ora wurunga bakal malang ing tenggak. Yen kowe ngundhamana perkara pangan, sing wis mlebu wadhuk , nyooh …. sawangen tak-utahke  kabeh…..!!
—————-Sampak……………………

Tidak ada komentar:

Posting Komentar