Sesanti

Sesanti

Selasa, 14 Januari 2014

SUKOSRONO LENO

SUMANTRI NGENGER -------FILE 2
 (VERSI BLOG MASPATIKRAJADEWAKU) 

Lakon Sumantri Ngenger oleh maestro dalang Ki Nartosabdo, tidak asing lagi kita dengarkan. Namun yang satu ini di blog Maspatikrajadewaku terasa berbeda, dimana sanggit Sang Maestro dalam Sumantri Ngenger versi ini utamanya pada episode kematian Sukasarana atau Sukrasana. Dimana perbedaannya silahkan simak cuplikan episode “Sukasrana lena berikut”


 ING PASEWAKAN

Harjuna Sasrabahu : “Kakang Patih Suroto, trep kalawan ingkang kaaturake dening Tumenggung Sura Gupita, ing wurimu wus ngadhep, ana manungsa kang pekiking warna, maksih mudha tumaruna, prayogane trep kalawan lumadine pranatan, sira ingkang ingsun wakilake tetakon marang manungsa kang nembe prapta , jeneng lan pinangkane sarta apa wigatine , dene boya ingsun timbali wani munggah marang sitinggil”.

 Patih Suroto : “Lha dalah, menapa sampun kelilan ingkang abdi kepatihan sawetawis mingsed saking palenggahan paduka gusti kula kanjeng sri narendra” 

 HSB : “Aja ndadak nganggo reringa tak pasrahake ing sira anggonen saprayogane” 

PSR : “Ngaturaken gunging panuwun ingkang tanpa upami. Heh Gus....Kowe bocah ngendi “ Sumantri : “ Inggih, paduka menika sinten?”

PSR : “Aku iki pepatih wasesaning praja ing Mahispati, wewakile gustiku kanjeng sinuwun Sri Harjuna Sasrabahu , jenengku Patih Surata”. 

SMT : “inggih, kalilana matur ing ngarsa paduka kanjeng patih , kula wingking saking Patapan Jatisarana , yogane Begawan Suwandagni , nami kula pun Bambang Sumantri “. 

PSR : “We lha dalah, cah kana jebulane. Wis kondhang cah kana , sing lanang-lanang ya luwes, sing wadon manis , marga ana naluri jaman purba kono kulina ditedhaki para dewa . Dewa kang padha tedhak ing kono katrem, lerem, konjem, kerem kalawan wanita-wanita ing kono . Jebul tedhak turune ya bagus-bagus . Lha perlumu?” 

SMT : “Inggih, sumebaring pawartos ingkang lumebar waradin saindhenging jagad raya , lumahing bumi kurebing ngakasa tetela jagad tan jangkep kalih luhur-luhuring narendra, kajawi namung narendra ing Mahispati Sri Harjuna Sasrabahu . Gregeting manah ingkang katarik sumebaring pawartos ingkang tetela boten saged pinambengan malih , esthining raos ancasing sedya parikedah anggen kula kepengin angayom ing negari Mahispati mawi sarana, nedya puruhita ing ngarsa paduka Gusti kula kanjeng sinuwun Sri Harjuna Sasrabahu . Sampun malih ta kadadosaken jajar wadyaning praja , sanajan kula tinanggenah dados pekathik panguraking kuda, pangariting rumput, menawi wonten keparenging penggalih Gusti kula sinuwun, boten badhe suwala sendika anglampahi”. 

PSR : “Wee lha dalah bocah iki anelangsa temen hem..... Srantia dhisik ya Gus dak aturake Sang Prabu.......”Keparenga munjuk atur sri narendra, bilih lare wau ngaken saking Patapan Jatisarana. Menika keblatipun mangilen saking nagari Mahispati , ngaken nami Bambang Sumantri , yogane Begawan Suwandagni . Dene esthining manah namung kapidereng kapiluyu kalayu-layu anggenipun kepengin suwita dhateng sahandhap pada paduka kanjeng Sri narendra” 

HSB : “Kakang Patih Suroto, wong nampa suwitane wong iku kudu adhedhasar jroning swasana kang padhang . Kawruhana Surata , kiraku dina iki durung bisa nampa, jalaran jeneng ingsun lagi nandhang prihatin . Apa ta mungguh wose prihatin karana nggoningsun tansah mrihatinake negara tetangga yaiku negara Magada, negarane paman Prabu Citra Darma ingkang kinepung wakul binaya mangap , dening narendra manca negara kang padha tunggal kersa hangayunake Dewi Citrawati. Tumrap aku tetulung saliring reribet kudu dak-utamakake sarta dak-dhisikake , ewadene mengko yen wis klakon nggonku tetulung karepotane negara Magada , ora kok ngemungake ngukup Dewi Citrawati , nanging ana sawiji-wiji ingkang piguna . Bakal saya luhur drajade manungsa yen gelem tetulung kang sepi ing pamrih, Sumantri dina iki durung dak-tampa, kowe kandhaha yen jeneng ingsung lagi nandhang reribet, mengko rampunge reribet iki gampang “. 

PSR : “Gus.....aja dadi ati ya, suwitamu durung ditampa ; Sepisan , wong kang suwita ing ratu iku luwih pakewuh ora kena minggrang-minggring kudu mantep sartanipun , setya tuhu maring gusti, manut miturut sapakon , kuwi pawitane. Kapindhone kowe bakal ditliti wiwit saka pepucuk weni nganti tekan jejempol pada. Ora disawang ingkang bisa kadulu wujuding ragamu, nanging disawang ana ing kajiwanmu. Marga akeh wong bagus ngungkuli kowe nanging bebudene asor saenggon-enggon gawe kisruh , saben papan gawe daredah . Nanging ya ana kang rada kuciwa ing wujud nanging pakartine luhur bisa ngadhemi sarawung ing sasama . Dadi mengko wae wise Gustimu kondur saka Magada , sira lagi bakal ditimbali lan ditaliti murih ketampan nggonmu suwita “. 

SMT : “Dhuh gusti kula Sang rekyana Patih , menapa kula kalilan anyaketi , sumungkemIing pepadanipun Gusti kula, Sinuwun Sri Harjuna Sasrabahu ?” 

PSR : “Ya, dak-aturke dhisik ya....Kados pundi Sinuwun?” 

HSB : “Ya-....ya Kakang Patih Suroto , supaya rada caket Sumantri bakal matur apa dheweke....”

....................Palugon lagune lekas lukita lungiting kidung .............................

SMT : “Ila-ila ing uni , linepatna ing ila duni , tinebihna sapu dhendhaning abathara , ngicalna tulah sarik . Kaparenga matur ing ngabyantara Paduka Gusti kula kanjeng sinuwun . Purwa, madya, wasana ingkang sampun paduka dawuhaken , samendhang boten wonten ingkang karempit , sampun kula dhadha salebeting manah . Sanget-sanget ing atur panyuwunan kula , mbok inggih paduka sampun ngantos tindak ing negari Magada, sampun ngantos kesesa ing penggalih nandhingi kridhaning para narendra manca nagari. Inggih manawi paduka menang , ..........” (ndrodhog slepeg nem...................................) Pocapan Gumregel jroning panggalih risang Prabu Harjuna Sasrabahu , midhanget aturipun Bambang Sumantri ingkang ketingal ngilani dhadha , anyolok netra, nepuk bun-bunan . Eling-eling wong agung boten ngemungaken agunging kawibawan ngantos dumugining raos penggalihe tetep agung . Cuwaning penggalih boten katitik saking tepunging wimba , namung denya mengkeraken lenggahipun ingkang samya sumewa , kalebet mengkeraken Bambang Sumantri . Teka mangkana lon wijiling pangandika Prabu Harjuna Sasrabahu..... 

HSB : “Kakang Patih Suroto, eman-eman dene jagad ana manungsa kang kaya Sumantri . Ora maido baguse rupa , ora maido genepe kasusilan , nanging kuciwa kaladuk duwe ambeg cumanthaka andhisiki karsa . Wani gegabah marang asmane Prabu Harjuna Sasra . Aja nyenyepet netra, Sumantri iki gawanen metu dhisik.....!!!!” 

PSR : “We lha bocah ki lancang pangucap!!!!!” 

 --------------------------slepeg------------------

 HSB : “Kakang Patih Suroto, eman temen aku nyawang citrane Sumantri kang mawa kekuwung ora beda kaya trahing para luhur , jebul bebudene brenggeh , cumanthaka keladuk nggone sumungah sesongaran , oh Sumantri, Sumantri .....Salawas-lawase ingsun tumitah ing marcapada katemben iki nyumurupi manungsa sepisanan rasaku wus tresna . Sanadyan Bambang Sumantri sayekti wong mbuh kanane , bareng tumenga katon pasuryane padhang jingglang tanprabeda kaya pangeja wantahe Sang hyang Asmara . Gemregel rasaku tuwuh rasa katresnan , upama aku bocah kaya ajelih-jelih nyawang Sumantri nngone kaladuk cumanthaka, katresnanku kang sagunung padha sakala gempal , awit saka kuciwa ucapmu kang kaladuk cumanthaka gegabah marang asmane narendra . Kakang Patih Suroto......Sumantri tak-lilani marang Magada , nanging salinana sandhangan !!!”

PSR : “Kok makaten??????” 

HSB : “Nggonku maringi panganggon marang Sumantri ora jeneng aku ambebagus , nanging aja gawe kuciwane praja Mahispati yen ta para narendra nyumurupi Sumantri iku dutaningsun , mangka panganggone ora beda kaya wong sudra , ingsun kang kalingseman .......Tungkanen Sumantri, jeneng ingsun kondur angedhaton!!!!!”

 .........................................Slepeg nenem..................................

 PSR : “Kok padhakke gunemen karo mbahmu ya, hemmmm!!!!!!” Aja waton kumecap , hemmm......Aja waton angucap, nanging ngucapa sing nganggo waton . Ketrucut ucapmu!!!! Cuuul, cumanthaka , kumalancang , nandyan dirungokake satleraman kowe ngeman ingkang sinuwun, nanging sejatine kaya ngono mau kowe murang tatakrama , we lha dalah kapinujon gustiku ingkang sinuwun nedhenge sabar darana , upama lagi ketemben deduka , woooo digantuuung kowe heeemmm!!!!............. 

SMT : “Upamia makaten sampun samenthenipun jer kula menika tiyang alit anandhang lepat dhateng tiyang agung kedah cinadhangan ukum gantung” 

PSR :” Kapara dina iki dedosanmu kang wus dak-sekseni mau bakal bisa kok-tebus sarana nggonmu netepi kesaguhan . Keparenge sinuwun kowe dinuta ing Magada . Siji nelukna para narendra kang padha ngepung wakul negara Magada, kapindhone boyongen sekaring kadhaton nagara Magada Dewi Citrawati. ..............................................................................................................

Tidak ada komentar:

Posting Komentar